Monday 26 May 2014

BAU WARNA BASA

Bauwarna basa;

" Raja"

Raja : yaiku kang nguwasani negara, wenang marentah, midana, geganjar, negara dianggep duweke dhewe [feodalistik]
raja siwi : anaking ratu.
raja-brana : bandha sarta barang-barang sing akèh pangajine.
raja-jamas: ngèlmu kanggo sarana nêgori kayu gêdhe.
raja-kaputran ; sandhangan lan rêrênggan pangantèn (lanang, wadon).
raja-kaya ; kewan ingon-ingon sing ngêtokake kaya (jaran, sapi, kêbo).
raja-manganggo ; panganggone ratu.
raja-muka ; petungan dianggo mbincili bêgja cilakaning lêlakon (maling lsp).
raja-pati ; raja-pêjah k prakara pêpati marga kêrêngan lsp.
raja-pèni ; barang-barang sing pèni-pèni.
raja-pundhut ; ladèn barang-barang saka wong cilik marang nêgara (ratu).
raja-putra ; anaking ratu (pangeran, pangeran adipati).
raja-putri ; putrining ratu.
raja-singa ; lêlara bngs. bêngang.
raja-sunu ; anaking ratu.
raja-tatu ; prakara tatu kang marga kêkêrêngan lsp.
raja-wisuna ; prakara sing ndadèkake padudon.
rajamanggala ' rajamuka, rajaputra, ratu agêng
rajanara ; ratu èstri
rajanari ; ratu wadon.
rajaniti ; 1. pangadilan; 2. babagan pangrèh praja.
rajapadni ; pramèswari.
rajaswala ; kidung, rajaputri, pasindhèn
rajaswara ; kidung, sindhèn
rajaswata ; (S) kw 1 waktu kang prayoga; 2 wis nggarap-banyu, wis mangsane omah-omah (akil balig); 3 anaking ratu.
rajasyara ; kidung, sindhèn
rajatadi ; rajabrana, sêsotya, rajapèni, mas sêsotya, langkung
rajawali ; pêksi rajawali
rajawandha ; wragad
rajaweda ; kw kurban slamêting ratu murih raharjaning nêgara.
rajawèni ; sirah
rajawêrdi ; jasad rupane sêmu biru (dianggo dhasaring êmbanan intên lsp).
rajayoga ; wêwadhah

DONGENG


Mahargya dina Kartini

Kaca Pengilon

Ana bocah wadon aran Gandasuli, wateke cêpak nêpsune lan bangêt panasbarane. Êmbokne prasasat wis ora kurang-kurang anggone kêrêp mituturi, dipurih sarèh ing budi, ananging ora bisa marèni.

Anuju ing sawiji dina Gandasuli dolanan pêpasaran, angadhêp êmpluk isi kêmbang warna-warna. Sadulure lanang bêbalangan watu, angênani êmpluk mau, banjur pêcah.Gandasuli bangêt anggone nêpsu, matane molar-malir, raine abang pating jêngkêrut, kongsi katon ala rupane.

Êmbokne enggal anjupuk pangilon, diadhêpake ing raine Si Gandasuli. Gandasuli saiba bangêt kagèt, nalikane andêlêng rupane dhewe sing ana ing pangilon, padha sanalika nêpsune ilang, banjur anangis, rumasa gela.

Êmbokne calathu,; " saiki kowe wus wêruh dhewe mungguh nyênyêngiting rupane wong nêpsu, kongsi angalakake rai, sanajan ta kowe ayu, nanging yen lagi nesu kaya ngono kuwi, rupamu ya medeni liyan, ndhuk..!"

Gandasuli , mung legeg nyawang simboke, karo manthuk-manthuk tandha nayogyani pituture wong tuwa.
" Yèn kowe isih sok nêpsu mangkono, mesthi sangsaya agawe alaning rupa, anyirnakake manising rai..."mangkono calathune simboke.

Gandasuli bangêt krasa ing atine, sabanjure ing sabisa-bisa ngendhakake nêpsune. Wêkasan budine sarèh, angundhakake ayuning rupa.

Êmbokne isih kêrêp mituturi ;" ênggèr, mungguh kanêpson lan budi sarèh, iku ana kadadeyane dhewe-dhewe, mangkono uga sarupaning panggawe ala lan kautaman. Kajaba saka iku, dadi wong wadon mono sabisa-bisa kudu duwe polatan ruruh jatmika, eseme winor ing wicara..."

Dudutane, mata iku minangka pangiloning nyawa, dadine picak dening panggawe ala. Kautaman kang amadhangake pandêlênge, lan angluhurake sihing wong liya.
Bumi Menthaok jaman biyen diarani alas Menthaok, ya ing alas iki sing dadi punjering kawigaten ana ing carita Babad Demak, uga ing Babad Mentawis.  Alas Menthaok, jarene sawenehing alas kang ana ing wewengkoning Kasultanan Pajang.Yen saiki prenahe ana ing tlatah Kecamatan Banguntapan Kabupaten Bantul Provinsi DIY. Ana ing abad kaping VIII – X,alas Menthaok iku satemene sawijining Kedhaton MataramKuna [ Hindhu]   sing nguwasani wewengkon JawaTengah perangan kidul ing jamane Prabu Sanjaya. Nalika panjebluge gunung Merapi ing taun 900-an , kang andadekake rusake kraton Mataram jalaran kurugan pasir lan watu, banjur kratone diboyong ana ing Jawa Timur.

Kraton Mataram banjur ilang wis ora kocap ana ing masarakat, atusan taun lawase tuwuh thethukulan kang sangsaya ngrembaka, satemah laladan mau dadi alas, kan banjur diarani Alas Menthaok, amarga akeh wit Menthaok.

Alas Menthaok iku klebu laladan ing kukuban KasultananPajang.Alas Menthaok dadi kondhang nganti tumeka saiki, jalaran saka wirayate Panembahan Giri Prapen, nalika amisudha Adipati Pajang kang aran Adipati Hadiwijaya minangka Sultan Pajang. Sultan Hadiwijaya iya Jaka Tingkir, nalika winisudha dening Panembahan Prapen Adi utawa Sunan Giri III, mirayatake , yen ing besuk Bumi Menthaok bakal nurunake Ratu gung binathara kang mengkoni Tanah Jawa.

Nalika Sultan Hadiwijaya arep mikut kraman Arya Jipang Panolan iya Pangeran Arya Penangsang, ora mentala jalaran isih tunggal guru, dadi mitra siswane Sunan Kudus, mula banjur ngadani sayembara, “sing sapa wonge bisa numpes kraman sing dipandhegani dening Arya Penangsang, bakal diwenehi bumi perdikan Pati Pasantenan lan bumi Menthaok.'. Sultan Hadiwijaya keprucut anggone medhar sabda, ora kelingan marang piwelinge Sunan Giri Prapen wektu semana.

Sayembara mau banjur dipupu dening Pamanahan lan Panjawi. Saka pangrekadayane Jurumertani, kraman Arya Penangsang kasil ditumpes tapis, Adipati Jipang Panolan kaprajaya dening Danang Sutawijaya, ananging diakokake yen sing mrajaya Adipati Jipang iku, Pamanahan lan Panjawi.
Sawuse kasil numpes kraman, Panjawi banjur winisudha dadi Adipati ing Pasantenan, dene Pamanahan durung kasil nampani bebungah bumi Menthaok kongsi limang taun suwene.

Ing taun1556, dening sultanPajang, Alas Menthaok banjur diparingake marang Pamanahan, amarga saka pratikele Kanjeng Sunan Kalijaga. Sanajan anggone ngulungake bumi Menthaok mau krasa abot, ya ing kene iki kang anjalari anane “ kontrak politik” antarane Sultan Hadiwijaya karo Pamanahan.

Jalaran bumi Menthaok iku minangka obore Kasultanan Pajang, obore ilang, ateges Kasultanan Pajang uga bakal surem. Pradondi kawula lan Gusti antarane Pamanahan lan Hadiwijaya, uga pradondi antarane sedulur tunggal guru antarane Pamanahan lan Jaka Tingkir, ilange bumi Perdikan Menthaok saka Pajang mau anjalari Sultan Hadiwijaya nandhang roga, prasasat nglumpruk tanpa daya kecandhak pengapesane.

Apa bener bumi Menthaok iku awujud alas?

Ana ing carita babad, yen bumi Menthaok iku awujud alas greng, nanging satemene bumi Perdikan Menthaok iku mau sawijining kedhaton cilik, sing ana ing wewengkon Pajang,  ananging ora gelem nungkul marang Pajang, mula banjur diarani alas greng kang wingit. Bumi Menthaok mau sing ngratoni wanita jejuluk Ratu Nawangwulan uga sinebut Lara Kidul, Ratu Wanita kang sumuyud marang Majapahit, ora gelem nungkul marang Pajang.  Mula Bumi Menthaok diwenehake marang Pamanahan, jalaran Sultan Hadiwijaya ora bisa ngalahake Ratu Nawangwulan.

Pamanahan sumaguh nungkulake Bumi menthaok kanthi pambiyantune prajurit sing digladhi dening Pamanahan ana ing desa Sela [ Purwadadi], iya  jalaran saka panyengkuyunge prajurit saka Sela lan Pasantenan, Bumi Menthaok bisa direbut dening Pamanahan, ana ing taun 1556 M.
Dadi satemene Bumi Perdikan Menthaok iku ora diwenehake dening Sultan Pajang marang Pamanahan, nanging Pamanahan dililani ngrebut Bumi Perdikan Menthaok, dene ganjarane ya Bumi Perdikan Menthaok kuwi. Limang taun suwene Pamanahan lan para kadang kadeyan, anggone bisa ngrebut Bumi Menthaok, sing saiki katelah Ngayogyakarta.


Ki Sastra Adiguna

Gawe jugangan

Sawijining dina Karta medhit nyangking kampil isi dhuwit emas gunggungge udakara 10.000 dirham. Si Kartamedhit, klebu wong sugih ing desa Parimas, sanajan sugih nanging medhit, mula katelah Kartamedhit. Jalaran dhuwit emase mau disimpen ana njero ngomah atine ora jenjem, mula si Kartamedhit duwe akal, arep dipendhem wae dhuwite mau.

Sawuse rampung gawe jugangan ana sangisore wit jambu, kampil isi dhuwit emas, banjur dilebokake ana jeron jugangan, Kanggo nutupi supaya ora nyalawadi, diwenehi larahan. Rampung anggone nyimpen dhuwit emas, enggal mlebu ngomah,
rumasa wis tentrem pikire, jalaran ora keganggu maneh marang anane dhuwit emas.
Saben esuk Kartamedhit mesthi tilik kebon nyedhaki wit jambu, banjur ndhudhuk jugangan sing kanggo nyimpen dhuwit emas, kampil diuculi taline, banjur dietung baka siji, gunggunge dhuwit ganep 10.000 dirham, terus dipendhem maneh kaya padatan. Kaya mangkono mau dilakoni saben dina embuh esuk embuh sore, Kartamedhit mesthi neng ngisor wit jambu.

Sawijining dina, pinuju wektu candhikala, Kartamedhit jumujug ana wit jambu buri omah, kaya padatan, sawuse ndhudhuk banjur ngetung dhuwit emas mau. Saka anggone ketungkul ngetung dhuwit, Kartamedhit ora nglegewa manawa ana pawongan sing maspadakake saka kadohan, amping-amping wit randhu alas.

Kartamedhit wis marem anggone ngetung dhuwite, banjur jugangan diurugi maneh, lemah dirartakake disawuri larahan amrih ora nyalawadi. Krungu adan magrib, enggal mlayu mlebu ngomah, ora nglegewa manawa ana dhuwit emas sing isih keri.

Wayah bengine pawongan mau, marani wit jambu, bareng nyawang ana cahya kuning kena sorote rembulan, banjur dicedhaki, jebule dhuwit emas. Larahan sing njembrung neng ngisor wit jambu banjur diresiki, ndilalah Kartamedhit mau lali, yen paculle ora dicangking mlebu.

Pawongan mau engal-enggal ndhudhuk lemah, wusana ing kono ana kampil banjur dijupuk, bareng taline kampil dibukak ngerti yen isine kampil mau dhuwit emas, wong mau engal-enggal lunga saka kono.
Esuke, kaya adat sabene Karta medhit mara neng ngisor wit jambu, saiba kagete nalika nyumurupi yen jugangan mau wis mlompong, mung ana dhuwit 10 dirham emas sing ditinggal ana jroning jugangan mau...Kartamedhit gulung koming, karo sambat jelih-jelih...

"Emasku! oh.. emasku!, bandhaku..dirampog nguwong "
tangga teparone krungu panjelihe Kartamedhit , banjur mrepeki, ana sing takon:” ana pa kang, kok bengak-bengok?”

"Emasku! oh.. emasku!, bandhaku..dirampog nguwong "
“lha kapan lehe ngrampok, dhuwitmu kok selehke ngendi..?”
“neng kono kuwi...karo nudingi jugangan..
“ o alah kang, besuk maneh yen dokok dhuwit aja neng jugangan kaya ngono kuwi, ya mesthi wae yen dijupuk nguwong..!”
sapi nggiring kali serayu, 040520141947

Serat Wedhari Basa (

Ki Sastra Adiguna

Dongenge ki Lebdajiwa

Ki Lebdajiwa, duwé anak loro ; sing barep lanang arané Punggung, dene adhiné, wadon, arané Nastiti. Ki Lebdajiwa klebu wong sugih ing désa Parimas. Mung émané duwé anak mung loro wewatekané ora padha.
Si Punggung sanajan lair barep nanging kesèdé ngungkul-ungkuli wong kesèd liyané. Lumuh ing samubarang gawé, sanajan wis diwasa nanging katelah Panji Klanthung, pegawéyané adol bagus, ngendelaké bandhané wong tuwa.
Ki Lebdajiwa wis ora kurang-kurang anggoné nggulawenthah si Punggung, tanggané kuwi ya ana wong sing bodho, nanging ora kaya si Punggung, bodhoné wong sadesa dienggoni dhéwé, mangkono mau gawé sengkelé sing tuwa.
Pagawéyané yèn ora ngabotohan ya nginum-inuman ciu, brah-brèh prasasat ngentèk-entèkaké bandhané wong tuwa. Suwé-suwé si Punggung wani tumindak sing gawé wirangé wong tuwane. Tumindake, ora mung ngapusi tangga teparoné, nanging uga clemer.
Mangkono mau ki Lebdajiwa mung ngelus dhadha, banjur besuk yèn sing tuwa wis ora ana, kepriyé dadiné si Punggung mau..?
Béda karo adhiné kanga ran Nastiti, bocahé manis, nanging wekel ing samubarang gawé, gemi lan ngati-ati ing bandha, ora brah-brèh kaya kakangné..
Sangsaya suwé uripé ki Lebdajiwa ngenes mikiraké klakuwané si Punggung, njalari nandhang lara nemen kongsi tumeka ing layon. Sawusé layon dirukti, si Punggung ora mèlu ngeteraké layoné wong tuwané, nanging mung nguntapaké saka ngarep omah.
Layon kabudhalaké, si Punggung mlebu senthong paturoné ki Lebdajiwa, bukaki lemari, nanging sing digoleki ora ana, banjur bukak pethi, nanging uga suwung ora ana bandha sing ditinggal, kajaba mung layang sasuwèk, sing wis lawas.
Layang wasiyat tinggalané ki Lebdajiwa, banjur diwaca dening si Punggung, sing surasané bab ngedum bandha warisan. Si Punggung diwènèhi kendhil tembaga isine emas picis raja brana sing dipendhem ing lemah pekarangané ki Lebdajiwa sing jembar bawera, nanging ora dituduhaké ing ngendi panggonané mendhem.
Déné si Nastiti mung diwènèhi tinggalan awujud omah saisiné. Anaké wadon mau kudu nrima ing pandum ora kena mèri marang kakangné. Jalaran ana tetembungan sagendhong sapikul, bagéyané si Punggung kepara luwih akèh. Si Punggung seneng atiné bisa dadi wong sugih ing désa Parimas.
Déné si Nastiti bareng wis diwasa banjur dirabi déning tanggané, kang kabener duwèni watek sing padha kaya tumbu olèh tutup, gemi nastiti ngati-ati, nanging ora medhit. Sregep lan wekel ing samubarang gawé satemah uripé bisa tentrem, amarga ngati-ati anggoné nanjakaké bandha sangsaya suwé wuwuh sugihé.
Déné si Punggung manggon ana omah sing cedhak kebon tinggalané ki Lebdajiwa, saben dina pagawéyané mung maculi lemah, sinambi nggolèki kendhil isi mas picis rajabrana, lemah mau ditanduri jagung, kacang uga pohung, lumayan kena kanggo ngisèni kendhilé ing pawon sing kothong.
Ana ing alam kelanggengan ki Lebdajiwa mung mèsem nyawang si Punggung…sing tansah nggolèki kendhil isi mas picis raja brana, sanajan nganti saiki kendhil mau durung ketemu...

WANGSALAN

wangsalan lan batangané [1]

Ajaté kang wadya  bala   =[ kêndhuri ] Lêluri, uri-uri
Ajiné Prabu Salya           =[ Candhabirawa] Condhongna
Anaking putu                  =[ buyut] Sinuyudan
Ancur bang jabaning tulis =[ lak] Tan sélak
ancur kaca                     = [banyu rasa ] rasa
anjani putra                   =[ anoman ] anom
Antiga babaring pêksi   = [nêtês] Winatês
Arka kang munggeng wadana  =[ tingal] Tingalana
Asta wrêksa              =[ pang] Murih gampang
atmaja Jumiril            =[ umarmaya] Marma
Awacana durung kawijil  = [ngudarasa] Tan arsa



wangsalan lan batangané [2]

Baju tanpa asta [kotang]     = Ora kétang
balung gêni [mawa]             = bokmanawa
balung jagung [janggêl]        = tanggêl
balung janur [sada]             = usada
balung klapa [bathok]        = éthok-éthok
balung pakèl [pêlok]          = alok
balung saté [sujèn]            = ijèn
Bantal dawa [guling]        = Kaliling
Barat gung [prahara]        = Kaprah
Bathok alit dèn walêsi [titiran] = Mikir
Bayêm arda [latêng]        = Antêng
bayi sah kang saking tuntunan [puput] = Luput
bèbèk cilik [mêri ]        = wira-wiri
bèbèk rawa [mliwis]      = uwis
Bendha ijo munggeng talon [ kluwih] =Kaluwihan
Bêthik alit sabeng sabin [sêpat] = Sipat, lêpat
bibis alit [undur-undur]     = mundur
Braja pangapit jajaran [panurung]   = Ora wurung
Brana dunung nèng wadhah [simpên]    = Simpênana, primpên
Bulus kêmbang sabèng laut [pênyu]    = Nyuwun
Buron kisma dhadhakonan [bongkang] = Mbangkang, marengkang


Wangsalan lan batangane

1. witing pari, puspita rengganing kunca ;
- dimen pinter goleka undhaking kawruh
witing pari = damen dadi ; dimen
puspita rengganing kunca = mendhak, dadi ; undhak/ mundhak


2. semut bang cecondhongan,
- sadaya kekirangan nyuwun aksama
semut bang cecondhongan = ngangrang , dadi ; kekirangan

3. Sarkap putra, sasmita sru
- aja kongsi kasamaran, nebihi godhaning setan
sarkap putra = samadikaran , dadi ; aja kongsi kasamaran
sasmita sru = goragodha , dadi ; godhaning setan

Monday 21 October 2013

  ASTRAJENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU ( 1 )

Sastrajendra hayuningrat pangruwating diyu iku, keprungu nalika prabu Sumali ing Alengka nganakake sayembara kanggo njodhokake Dewi Sukesi, putrine. Sarate, sapa sing bisa ngasorake Jambumangli lan bisa mejang ngelmu Sastrajendra hayuningrat pangruwating diyu marang Dewi Sukesi, yaiku pawongan sing bakal disuwitani Sukesi minangka garwane.

Akeh Ratu lan satriya sing mundur kasoran ora bisa nandhingi kasektene Jambumangli kang apengawak buta. Sing bisa ngalahake Jambumangli ora ana liya kejaba begawan Wisrawa saka pertapan Amulaya, ya ramane prabu Danapati, raja Lokapala.
Maune sing dadi raja Lokapala ya Wisrawa kuwi. Keprabon dilintirake marang Danapati sing isih jaka taruna. Wisrawa banjur madeg dadi pandhita ing pertapan Amulaya.
Krungu yen ing Alengka ana sayembara putri, sabenere Danapati sing arep mangkat melu ngleboni nanging dicegah dening ramane kanthi alasan , sepisan, nguwatirake keslametane anak yen nganti kedrawasan awit Jambumangli iku sekti mandraguna. Kapindho, Danapati ora ngerti ngelmu Sastrajendra hayuningrat pangruwating diyu sing kudu diwejangake marang Sukesi minangka sarate.
"Rama sing kepeksa mangkat, Ngger...Idhep-idhep luru mantu , Dewi Sukesi bakal takjodhokake marang sira yen Rama bisa mupu sayembara iku," mengkono ujare begawan Wisrawa marang Danapati sadurunge mangkat menyang Alengka. * 





SASTRAJENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU ( 2 )

Nanging enggoking lelakon mleset saka niyat sakwit. Ing nalikane Wisrawa mejang Sastrajendra marang Sukesi jroning gedhong kang sepi ing wayah bengi awit ora kena dirungu liyan, Wisrawa kang tuwa kisut iku malah kepencut marang kasulistyane Dewi Sukaesi kang isih kenya, satemah Sukesi nggarbini. Lair anake mbarep Rahwana ya Dasamuka kang awujud raseksa. Sateruse lair Kumbakarno kang uga uga buta. Mengkono uga kang lair wadon, Sarpakenaka, wujud raseksi, buta wadon. Anak-anake iku banget ala watake, candhala ing budi, degsiya murang tata, seneng ngumbar kamurkan.

(2)
Sastrajendra hayuningrat pangruwating diyu, anyariyosaken pepuntoning kawruh kasampurnan Budha, ugi saged cundhuk kaliyan pikajengipun ilmu Ma'rifat. ( Menceritakan puncak ilmu kesempurnaan Budha yang juga cocok dengan makna ilmu Ma'rifat ), mengkono pratelane Mas Ngabehi Prawirahamijaya, redaktur Jawi Sejati ing buku terbitan Budi Utama, Surakarta, th 1918.

Dene miturut Ir Sri Mulyono ing bukune, apakah Satrajendra itu ?
Sastra adalah ngelmu (kitab) atau ajaran. Jendra adalah Nalendra ( Gusti = Raja Tertinggi ). Pendek kata, Sastrajendra adalah akhir dari segala akhir ajaran ngelmu, sehingga sudah tak ada lagi ngelmu yang dapat dicapai manusia ( Entek-entekane kawruh, pepuntoning laku laku utawa pucuking Ma'rifat ).

Banyak orang mengira bahwa begawan Wisrawa sudah memiliki Sastrajendra. Namun sesungguhnya ia sedang dalam perjalanan untuk berusaha mendaoatkan Sastrajendra pangruwating diyu, tapi tergelincir napsu kelamin yang dilambangkan dengan tokoh Dewi Sukesi. Maka lahirlah anak-anaknya yang berujud raksasa jahat sebagai simbol Wisrawa yang belum bersih benar jiwannya.

 


ASTRAJENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU ( 3 )

Ukara 'Sastrajendra hayuningrat pangruwating diyu' yen disemak saka tegese tembung siji lan sijine, yaiku :

Sastra = serat ; kitab utawa ajaran.
Jendra = Nalendra ; Ratuning ratu utawa Gusti.
Hayuningrat = hayu saka tembung rahayu, tegese slamet. Ing rat = ing jagad.
Pangruwating = ngendhaleni utawa ngowah sing ala dadiya becik.
Diyu = buta ; raseksa.

Jlentrehe, iku ajaran saka Gusti kanggo manungsa amrih bisane slamet uripe ndonya - akherat kudu sarana ngendhaleni watak buta ing sajroning awake. Wataking buta iku , budine ora tata. Srakah angah-angah, drengki, srei , panasten , brangasan, degsiya, kumalungkung aji pumpung, sawenang-wenang dhemen gawe karusakan kanggo kauntungane awake.
Ing awake saben wong kedunungan watak amarah, watak diyu ya watak buta. Watak buta sing ora ngerti ing kautaman mengkono iku perlu diruwat, diowah sarana dikendhaleni amrih ora kebacut ndadra nguwasani awak. Yen watak buta sing ana ing saben awake wong iku diumbar, tundhone bisa gawe rusaking urip. Ora mung ngrusak uripe dhewe, nanging uga bisa ngrusak uripe bebrayan agung.

Wisrawa ing atase begawan, pandhita suci, isih kepleset ora bisa ngempet ngendhaleni napsune nalika sesandhingan karo Sukesi sing pancen sulistya ing warna jroning gedhong kang sepi. Banjur ing endi dununge tembung : Sabda pandhita Ratu ?
Sabdane pandhita utawa Ratu, sepisan dadi, diugemi, ora kena mencla-mencle. mangka mmanghkate saka Lokapala kanthi niyat golek mantu, dijodhokake prabu Danapati, anake. Jebul Sukesi dialap dhewe. Yaiki sing ngruntuhake martabate Wisrawa satemah lair anak-anake wujud buta kang mujudake simbol kurang resiking jiwane Wisrawa.

Wiwit laire Rahwana, anak mbarep wujud buta , Wisrawa kang sedhih duwe anak kaya mengkono, banjur nindakake laku prihatin.Ing pangajab aja nganti duwe anak maneh kaya mengkono wujude. Ewasemono isih lair maneh anake wujud buta, nandhakake yen Wisrawa durung resik temenan jiwane. Dadine saya mempeng enggone tirakat, luwih manther enggone semedi nenuwun marang Kang Akarya Jagad. Andekpuna isih lair maneh anak ketelu wujud raseksi.
Saya gentur enggone olah batin, meper hawa napsu kanggo resiking jiwa. Lagi ing sateruse lair anak wuragil kang bagus rupane, yaiku Gunawan Wibisana kang seneng marsudi ing olah kautaman. Iku minangka simbol yen Wisrawa ing akhir uripe lagi bisa nguwasani ngelmu Sastrajendra hayuningrat pangruwating diyu. * (DJAYUS PETE ).-

 atrangan tegesing tembung :

keprungu = terdengar ( bhs Ind)
ngasorake = ngalahake
mejang = mulang
pawongan = wong
disuwitani = dingengeri
apengawak buta = awake wujud buta
keprabon = krajan = kerajaaan ( bhs Ind )
dilintirake = diwarisake
jaka taruna = jaka kang umure isih enom
kedrawasan = katiwasan = bilahi = cilaka
sekti mandraguna = sekti banget
sira = kowe
luru mantu = golek mantu
mupu sayembara = menang sayembara.

( Djajus Pete ).-

Saturday 12 January 2013

PANULISAN AKSARA

Kawruh Ejaan Basa Jawa

(1) Asal-usule ejaan basa Jawa iku migunakake aksara Jawa dene basa Indonesia migunakake abjad A B C D E F...lst. Lengkape aksara cacah 20 iku, yaiku :

Ha Na Ca Ra Ka
Da Ta Sa Wa La
Pa Dha Ja Ya nya
Ma Ga Ba Tha Nga

Ing aksara Jawa iku ana Da lan Dha , ana Ta lan Tha. (ing abjad ABC...,anane mung D lan T).
Ya amarga iku ing basa Jawa ana ejaan D (Da) lan Dh (Dha) sarta ana ejaan T (Ta) lan Th (Tha).

Tembung sing migunanake ejan D (d) :
dalan ; dudu ; adil ; gudel ; dodol...,lsp.

Tembung sing migunanake ejaan Dh (dh) :
dhadhu ; adhik ; bedhug ; gedheg ; kodhok...lsp.

Tembung sing migunakake ejaan T (t) :
tamu ; tiba ; manten ; mati ; soto..,lsp.

Tembung sing migunakake ejaan Th (th) :
thuthuk ; kanthil ; penthol ; jranthal ; kethek..,lsp.

(2) Carane mbedakake supaya ora kleru panulise ejaan.

Tembung sing migunanake ejaan 'dh' lan 'th' ,menawa tembung iku diucapake ana ing lambe,lambe nyoro lan rasane ilat kaya nyanthol ing cethak.
Contone tembung-tembung conto ing ndhuwur iku, nalika lambe ngucapake tembung > dhadhu ; adhik ; bedhug ; gedheg ; kodhok ; thuthuk ; kanthil ; penthol ; jranthal ; kethek...rasane ilat kaya nyanthol ing cethak (Coba tembung-tembung iku panjenengan ucapake lan ilat panjenengan rasakake nalika ngucapake tembung-tembung kuwi).

Tembung sing migunakake akrasa 'd' dan 't',yen diucapake, lambe ora nyoro lan rasane ilat ora kaya nyanthol ing cethak, kayadene nalika ngucapakle tembung-tembung > dalan ; dudu ; adil ; gudel ; dodol ; tamu ; tiba ; manten ; mati ; soto...,lsp.

Iki pasinaon sing paling praktis, gampang dipahami supaya bisa nulis basa Jawa kanthi ejaan sing bener.
Merga ing basa Indonesia anane mung hurup 'd' bisa nulis > kedondong , dukun ; dalang ; brandal....Nanging yen tembung-tembung iku ditulis ing basa Jawa, nulise > kedhodhong ; dhukun ; dhalang ; brandhal....

Mengkono uga anane mung hurup 't' ing bahasa Indonesia, bisa nulis > pentol bakso. Nanging yen ing basa Jawa,nulise > penthol bakso.*

(Djajus Pete).

Sepisan maneh dak elingake babagan panulisan aksara "a" ing basa Jawa kang asring ditulis kleru nganggo aksara "o".
Muga dadi tambahing kawruh marang kang durung wanuh bab panulise aksara latin basa Jawa. Panulisan vokal basa jawa nganggo aksara Latin sing rada mbingungake iku kareben ora bingung bisa miturut paugeran ing ngisor iki.

Ing basa jawa swara [ä] utawa a jejeg kudune katulis nganggoaksara a, dudu aksara o, sabab aksara Jawa iku unine nglegena, yaiku ha, na, ca, ra, ka, lsp.
Yen katulis nganggo aksara Jawa, swara nglegena iku katulis tanpa nganggo sandhangan apa-apa.

Manawa swara [ä] utawa swara a nglegena katulis nganggo aksara o, unine terus dadi ho, no, co, ro, ko, lsp.
Lan yen katulis nganggo aksara jawa, kudu tinulis mawa taling lan tarung.
Kajaba kuwi, swara [ä] lan [o] iku bisa mbedaake wujud lan surasaning tembung sabab kalebu fonem kang beda.
Dadi, swara [ä] kang linambangake mawa aksara a iku beda banget karo swara lan aksara o.

Panulisane swara [ä] nganggo aksara a utawa o bisa uga dititeni nganggo cara mangkene.
Yen ana swara [ä] dumunung ing tembung lingga lan tembung kasebut diwuwuhi panambang –e, swara [ä] ing tembung iku owah dadi swara [a] utawa a miring, panulise swara [ä] ing tembung kasebut kudu tinulis mawa aksara a. Tuladha:
arta + -e _ artane
[artä] [-é] _ [artané]
bala + -e _ balane
[bälä] [-é] _ [balane]
sega + -e _ segane
[segä] [-é] _ [sêgané]
rupa + -e _ rupane
[rupä] [-é] _ [rupané]
Katon cetha swara [ä] ing tuladha dhuwur bakal owah dadi [a] sawise kawuwuhan panambang –e.



Kawruh Basa Jawa
Tembung Jawa ENTHENGAN TANGAN apa padha tegese karo RINGAN TANGAN ing bahasa Indionesia? Soale tembung Jawa 'entheng' yen diterjemahake menyang bahasa Indonesia yaiku > ringan.

Jebul tegese ora padha,malah nduweni teges kang kosok balen. Enthengan tangan nduweni teges kang ala (negatip) dene ringan tangan nduweni teges sing apik (positip).
Ing bahasa Indonesia, ringan tangan tegese > suka menolong , membantu, lekas berbuat sesuatu. Dene enthengan tangan (basa Jawa) tegese > seneng mara tangan ; cengkiling ; seneng milara.
Tembung Jawa sing tegese padha karo 'ringan tangan' (bhs Ind) yaiku > enthengan bau.

Ana tembung 'mara tangan' lan ya ana tembung 'ditangani' sing tegese dipilara nganggo tangan. Ukara > Wong wadon iku nangis gero-gero mentas ditangani bojone = mentas ditempiling bojone utawa mentas dijotos bojone.
Beda tegese karo tembung 'ditangani' ing bahasa Indonesia sing tegese > dikerjakan utawa dipriksa yen mujudake perkara. Ukara (1) Jembatasn yang ambrol itu akan segera ditangani pemerintah. (2) Dua saudara yang saling bacok itu, sekarang ditangani polisi, Polres"

Tembung 'ditangani' (bhs Indonesia) iku saiki akeh diserap dening penulis basa Jawa sing dadi kurang trep panganggone,malah ngguyokake. Ukara > Sedulur loro sing padha bacokan iku saiki ditangani polisi, Polres (mengkono penulis Jawa enggone njawakake ing tulisane sing kepacak ing majalah Jawa ).
Malah ora mung penulis Jawa, masyarakat Jawa ya wis kaya lumrah nggunakake tembung 'ditangani' kang kleru enggone ngetrepake ing omongan basa Jawa, kaya ing conto ukara iki > "Kades sing korup Sembako iku saiki wis ditangani Bupati," tembunge sawenenh pendhudhuk desa.
"Ya lara no, awake, yen kamplengi pak Bupati," grenenge kancane krungu tembung kaya mengkono awit kancane ngerti, tembung ditangani ing basa Jawa tegese dipilara nganggo tangan.@



Mulane, tembung arta, bala, sega, lan rupa ORA BENER yen katulis arto, bolo, sego, lan rupo.

CANDRA SANGKALA



oleh NGURI-URI BASA JAWA pada 31 Desember 2012 pukul 23:01 ·

PENANGGALAN Jåwå Cåndråsångkålå utåwå pênanggalan kang anút lakuníng rêmbulan ngubêngi bumi nganti saiki isíh lumaku, disêbút Taún Jåwå.

Pétungan Taún Jåwå wís dijumbúhaké karo Taún Hijriyah (Arab) nalikané Súltan Agúng jumênêng nåtå ing Mataram. Sênajan mangkono, panjumbuhé ora nurún utåwå njiplak, nangíng ugå migunakaké étungan-étungan kang njlimêt déníng pårå ahliné. Jalaran pancèn ånå bédané ing antarané étungan Cåndråsangkålå Jåwå karo étungan taún Hijriyah. Prabédané síng cêthå ånå ing panêtêpan surupíng dinå nalika ganti sasi.

Cåndråsångkålå Jåwå nêtêpaké surupíng dinå gantining sasi ajêg ing wanci surupíng suryå (antarané jam 17.00-18.00). Déné surupíng dinå gantiníng sasi cårå Hijriyah ditêmtókaké
- hilal (kahanan dêrajat êndhèk dhuwuré rêmbulan).
- rukyah (nóntóni langsúng) utåwå hisab (ngétúng) biså dingêrtèni hilal banjúr ditêtêpaké gantiníng sasi.

Cårå mangkono iku kanggoné Jåwå ing jaman Súltan Agúng, ora gampang. Jalaran Jåwå iku mapan ing wilayah tropís kang langité ora rêsík kåyå ing Arab kang wujúd gurún pasír. Mênåwå kudu mêruhi hilal rêmbulan dadi kangèlan mênåwå ing masa rêndhêng.
Kêjåbå iku, Jåwå duwé étungan putêrané dinå sing luwíh pêpak kang kudu kamót ing pênanggalané. Mênåwå ora kamót, pênanggalan síng digawé anyar mêsthi ora payu kanggoné masyarakat umúm. 

Kang mangkono iku ora dikêrsakaké panjênêngané Súltan Agúng. Mulå sênajan dijumbúhaké karo pênanggalan Hijriyah, Cåndråsångkålå Jåwå ora ngowahi étungan-étungan kang wís lumaku ing masyarakat Jåwå. Lakuné rêmbulan kang ngubêngi bumi, saubêngan suwéné 29,25 dinå, mula umuré taún Cåndråsångkåla ora biså ajêg pêrsis 30 dinå sabên wulané.
Krånå iku umuré taún dipérang dadi wêrnå loro (2). yaiku :
- taún Wastu (cêndhak) umúr 354 dinå lan
- taún Wuntu (dåwå) umúr 355 dinå.
Síng kanggo mbédakaké Wuntu utåwå Wastu ånå ing umuré sasi Bêsar (kåyå taún kabisat Masèhi ing sasi Pébruari). Sasi Bêsar ing taún Wastu umuré 29 dinå, déné Taún Wuntu sasi Bêsar umuré 30 dinå.
Umuring sasi siji-sijiné mangkéné :
01. Surå: 30 dinå,
02. Sapar 29 dinå,
03. Mulúd : 30 dinå,
04. Bakdamulúd : 29 dinå,
05. Jumadilawal : 29 dinå,
06. Jumadilakír : 30 dinå,
07. Rêjêb : 29 dinå,
08. Ruwah : 29 dinå,
09. Påså : 30 dinå,
10. Sawal : 29 dinå,
11. Dulkaidah : 30 dinå,
12. Bêsar : 29 dinå (taún Wastu) lan 30 dinå (taún Wuntu).

Taún Wuntu (355 dinå) sabên sêwinduné (8 taún) ånå 3.
Étungan lawas (sadurungé dijumbúhaké karo pênanggalan Hijriah/Arab) tibå taún:
01. Éhé,
02. Dal, lan
03. Jimakír.
Déné étúngan anyar (sawisé dijumbúhaké karo pênanggalan Hijriyah/Arab) tibå taún : 01. Éhé, 02. Jé, lan 03. Jimakír. Jênêngé taún Jåwå lan umuré sabên sêwindu :
01. Alip: 354 dinå,
02. Éhé 355 dinå (lawas) 354 dinå (anyar),
03. Jimawal :354 dinå,
04. Jé: 354 dinå (lawas) 355 dinå (anyar),
05. Dal : 355 dinå,
06. Bé : 354 dinå,
07. Wawu : 354 dinå,
08. Jimakír : 355 dinå.
Sêwindu umuré 2.835 dinå, nalikå dijumbúhaké karo Pawukón kang umuré 210 dinå durúng pêthúk. Bisané pêthúk yèn wís róng windu, 5.670 dinå. Têgêsé sabên róng windu, wuku lan wêtóné pêthúk manèh. Biså ugå såkå étungan iku, kanggoné Jåwå, matêngé manungsa (biologís) diwiwiti nalikå umúr 2 windu. Pênanggalan Jåwå duwé étungan kang disêbút Kurúp. Umuré 15 windu utåwå 120 tahún. Pétungan kurúp iki kanggo njumbúhaké Cåndråsangkålå Jåwå karo pênanggalan Hijriyah. Carané sabên ganti Kurúp (120 tahún), tibané tanggal 1 Surå ing taún Alip diajóké sêdinå. Diwiwiti ing taún Jåwå 1555, wêktu panjumbuhé Cåndråsangkålå Jåwå karo pênanggalan Hijriyah.Wóndéné katrangan gantining Kurúp kasêbút ing ngisór iki:
Taún Jåwå Jênêngé Kurúp Tanggal 1 Surå Alip
01. 1555 - 1674 (120 taún) Jamngiyah Jêmuwah Lêgi
02. 1675 - 1746 (72 taún) Kamsiyah Kêmis Kliwón
03. 1747 - 1866 (120 taún) Arbangiyah Rêbo Wagé
04. 1867 - 1986 (120 taún) Salasiyah Sêlåså Pón
05. 1987 - 2106 (120 taún) Isnaniyah Sênèn Pahing
06. 2107 - 2286 (120 taún) Akadiyah Minggu Lêgi
07. 2227 - 2346 (120 taún) Sabtiyah Sabtu Kliwón
Sabên gantiné Kurúp ngakibataké owah-owahané taún wuntu (dåwå). Nalikå Kurúp Jamngiyah, tahún wuntuné kang owah : 01. Éhé, 02. Dal, 03. Jimakír. Barêng ganti Kurúp Kamsiyah taún wuntu Dal diganti tiba Jé.
Sabanjuré ganti Kurúp Arbangiyah umuríng sasi ing taún Dal diowahi dadi : 30, 30, 29, 29, 29, 29, 30, 29, 30, 29.
Pêrluné owah-owahan iku supåyå tibané Grêbêg Muludíng tahún Dal lêstari tibå dinå: Sênèn Pón. Mangkono satêrusé sabên ganti Kurúp ånå owah-owahan tibané tahún wuntu (dåwå) lan umuré sasi ånå ing taún Dal. Pamrihé supåyå tibané Grêbêg Muludíng tahún Dal ajêg ing dinå Sênèn Pón.
Kanthi mangkono, biså dimangêrtèni mênåwå Jåwå pancèn luwíh ‘pintêr’ ing babagan yåså pênanggalan. Nyatané ora múng anggêr madhakaké pênanggalan Cåndråsangkålå Jåwå karo pênanggalan Hijriyah.
Ånå wêwatón sing kudu dianggo pathókan yaiku Grêbêg Mulúd, kang sêjatiné mèngêti kêlahiran lan sédané Kanjêng Nabi Muhammad kang sabên tahún Dal kudu tibå dinå Sênèn Pón.
Candrasangkala utawa Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Sengkalan punika kedadosan saking tembung saka+kala+an, lajeng mungel sangkalan; wusananipun luluh dados sengkalan.[1] Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. 
Tuladha: Sirna ilang krětaning bumi, yen diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala yaiku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitané tahun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 Masèhi. 
Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn-unèn sing nduwèni teges angkaning taun.Ing jaman biyèn sing kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka. Nanging saiki ana sing migunakaké taun rembulan utawa taun candra, yaiku pétungan sing sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang adhedhasar taun srengéngé, banjur diarani: “Suryasengkala”
Carané Maca Sengkalan:Maca sengkalan padha karo maos ukara umume, nanging angka sing kinandhut ing ukara sengkalan mau diwaos saka mburi mengarep utawa saka tengen mangiwa kaya maca tulisan Arab. Tegese, angka saka ukara sing keri saka sengkelan mau dadi angka taun sing ngarep dhewe, kosok baline angka sing kinandhut ing tembung sepisan, saka sengkalan Buta Cakil kang unine: Tangan Yaksa satataning Janma (penyempurnaan bentuk wayang) Buta Cakil dhek jaman Sultan Agung.Tangan : 2, Yaksa: 5, Satataning: 5, lan janma:1, dadi diwaca tahun 1552 Jawa utawa taun 16700 Masehi
Tembung lan watek wantuné
Tembung sing nduwèni watek 1 yakuwi: Tunggal, Siji, Nyawiji, Gusti, Sujanma, Jalma, Wong, Semèdi, Nabi, Rupa, Maha, Iku, Rat, Jagad, Bumi, Bawana, Surya, Candra, Kartika, Urip, Wani, Putra, Tyas, Kalbu, Wardaya. Raja, Ratu, Narpa. .

Tembung sing nduwèni watek 2 yakuwi: 
Kalih, Dwi, Asta, Nembah, Nyembah, Nétra,Caksu, Soca, Pandulu, Tingal, Paningal, Kembar, Myat, Swiwi, Peksi, Paksi, Paksa, Sikara, Dresthi, Kanthi, Apasang, Sungu, Talingan, Karna. .

Tembung sing nduwèni watek 3 yakuwi; 
Tiga, Tri, Bahni, Geni, Agni, Ujwala, Murub, Urub, Dahana, Payudhan, Yudha, Perang, Kaya, Kadya, Kadi, Bentèr, Kawruh, Guna, Wédha, Naut, Teken, Pawaka, Rananggana, Brama. .

Tembung sing nduwèni watek 4 yakuwi: 
Papat, Pat, Catur, Wahana, Warih, Dadya, Kéblat, Suci, Wening, Nadi, Toya, Jaladri, Samodra, Tasik, Sindu, Marta, Karta, Masuh, Segara. .

Tembung sing nduwèni watek 5 yakuwi; 
Lima, Gangsal, Panca, Pandawa, Wisik, Gati, Indriya, Parastra, Gaman, Panah, Pusaka, Lungid, Landhep, Guling, Diyu, Dik, Buta, Yaksa, Raseksa, Raseksi, Wil, Galak, Tata, Maruta, Bayu, Samirana, Angin, Marga. .

Tembung sing nduwèni watek 6 yakuwi: 
Nem, Sad, Rasa, Hartati, Sarkara, Tikta, Obah, Oyag, Kayu, Wreksa, Prabatang, Lindhu, Mangsa, Naya, Wayang, Ilat. .

Tembung sing nduwèni watek 7 yakuwi: 
Pitu, Sapta, Prawata, Giri, Arga, Gunung, Acala, Pandhita, Resi, Wiku, Sogata, Swara, Dwija, Wulang, Mulang, Weling, Wasita, Tunggang, Titihan, Titih, Turangga, Aswa, Kuda, Jaran, Sabda, Muni. .

Tembung sing nduwèni watek 8 yakuwi: 
Wolu, Astha, Basu, Basuki, Slira, Murti, Bujangga, Pujangga, Manggala, Taksaka, Ula, Naga, Sarpa, Sawer, Dwipa, Bajul, Liman, Dwipangga, Èsthi, Gajah, Dirada, Kunjara, Tanu, Madya. .

Tembung sing nduwèni watek 9 yakuwi: 
Sanga, Sang, Nawa, Déwa, Dwara, Lawang, Kori, Gapura, Lawang, Wiwara, Ambuka, Gandha, Puspa, Kembang, Kusuma, Bedhah, Muka, Rudra, Gatra, Menga, Mancep. .

Tembung sing nduwèni watek 0 yakuwi: 
Ilang, Musna, Sirna, Nir, Murca, Mlethik, Langit, Akasa, Wyat, Tawang, Kombul, Muluk, Nenga, Luhur, Duwur, Adoh, Swarga, Tanpa, Tan, Swuh, Suda, Windu.

Tembung sing nduwèni watek 2 yakuwi: Kalih, Dwi, Asta, Nembah, Nyembah, Nétra,Caksu, Soca, Pandulu, Tingal, Paningal, Kembar, Myat, Swiwi, Peksi, Paksi, Paksa, Sikara, Dresthi, Kanthi, Apasang, Sungu, Talingan, Karna. .
Tembung sing nduwèni watek 3 yakuwi; Tiga, Tri, Bahni, Geni, Agni, Ujwala, Murub, Urub, Dahana, Payudhan, Yudha, Perang, Kaya, Kadya, Kadi, Bentèr, Kawruh, Guna, Wédha, Naut, Teken, Pawaka, Rananggana, Brama. .
Tembung sing nduwèni watek 4 yakuwi: Papat, Pat, Catur, Wahana, Warih, Dadya, Kéblat, Suci, Wening, Nadi, Toya, Jaladri, Samodra, Tasik, Sindu, Marta, Karta, Masuh, Segara. .
Tembung sing nduwèni watek 5 yakuwi; Lima, Gangsal, Panca, Pandawa, Wisik, Gati, Indriya, Parastra, Gaman, Panah, Pusaka, Lungid, Landhep, Guling, Diyu, Dik, Buta, Yaksa, Raseksa, Raseksi, Wil, Galak, Tata, Maruta, Bayu, Samirana, Angin, Marga. .
Tembung sing nduwèni watek 6 yakuwi: Nem, Sad, Rasa, Hartati, Sarkara, Tikta, Obah, Oyag, Kayu, Wreksa, Prabatang, Lindhu, Mangsa, Naya, Wayang, Ilat. .
Tembung sing nduwèni watek 7 yakuwi: Pitu, Sapta, Prawata, Giri, Arga, Gunung, Acala, Pandhita, Resi, Wiku, Sogata, Swara, Dwija, Wulang, Mulang, Weling, Wasita, Tunggang, Titihan, Titih, Turangga, Aswa, Kuda, Jaran, Sabda, Muni. .
Tembung sing nduwèni watek 8 yakuwi: Wolu, Astha, Basu, Basuki, Slira, Murti, Bujangga, Pujangga, Manggala, Taksaka, Ula, Naga, Sarpa, Sawer, Dwipa, Bajul, Liman, Dwipangga, Èsthi, Gajah, Dirada, Kunjara, Tanu, Madya. .
Tembung sing nduwèni watek 9 yakuwi: Sanga, Sang, Nawa, Déwa, Dwara, Lawang, Kori, Gapura, Lawang, Wiwara, Ambuka, Gandha, Puspa, Kembang, Kusuma, Bedhah, Muka, Rudra, Gatra, Menga, Mancep. .
Tembung sing nduwèni watek 0 yakuwi: Ilang, Musna, Sirna, Nir, Murca, Mlethik, Langit, Akasa, Wyat, Tawang, Kombul, Muluk, Nenga, Luhur, Duwur, Adoh, Swarga, Tanpa, Tan, Swuh, Suda, Windu.1 Januari pukul 0:02 






OTHAK ATHIK MATHUK

 
Kawruh Basa Jawa :
LIR lan NIR

Tembung 'lir' lan 'nir' padhadene tembung Kawi. Tembung iku isih sok klera-kleru digunakake dening wong sing kurang ngerti, njalari kleru enggone ngucap lan nulis. Sadurunge nggunakake, kudu ngerti dhisik apa tegese tembung-tembung LIR lan tembung NIR.

(a ) LIR = kaya = kadya = seperti (bhs Ind).
Ukara :
(1) Sinome lir lunging pakis kabaratan = Sinome kaya lunging pakis keterak barat (angin ). Maksude, sinome katon kekitir keterak angin.
(2) Lambene lir manggis karengat = Lambene kaya manggis kang rengat. Makusude, kulit manggis kang rengat (mlethek) katon njerone abang maya-maya.Aran lambe kang endah, abange alami, ora saka abange lipstik.

(b) NIR = tanpa
Ukara :
Mugi panjenengan tansah manggih karaharjan nir ing sambekala.
Nir ing sambekala = tanpa ana sambekala = tanpa ana rubeda utawa alangan.

Akeh wong klera - kleru enggone ngucap utawa nulis, kaya mengkene ucape > Mugi-mugi panjengan tansah wilujeng lir ing sambekala.
Yen enggone ngucap kaya mengkono, padha karo didongakake ala, didongakake slamet kok slamete dipadhakake kaya sambekala utawa alangan. @

( Djajus Pete ).-

Endi sing bener ?

(1) Sugeng enjing apa Wilujeng enjing ?
(2) Matur nuwun apa Matur suwun ?
(3) Nuwun sewu apa Nyuwun sewu ?


(1)
Wiwit biyen wong wis lumrah ngucapake > Sugeng enjing ; Sugeng siyang sing tegese Selamat pagi ; Selamat siang.
Nanging watara limang 10 taunan kepungkur, ana ahli basa Jawa sing ngritik yen sing bener iku > Wilujeng enjing ; Wilujeng Siyang. Dhasar alasane ,yaiku > Sugeng iku tegese urip. Yen 'wilujeng' tegese slamet ( selamat)
Prakara iku nuwuhake pro lan kontra tekan seprene. Wong-wong sing wis kadhung kulina nggunake 'sugeng' emoh ngowah pangucape dadi 'wilujeng'.
Merga sing nggunakake basa iku masyarakat, akhire lelorone dianggep padha benere awit pancen masyarakat sing nggunakake basa sarana langsung kanggo komunikasi ing saben dinane.

(2)
Matur nuwun
matur = omong = kandha
nuwun = mratelakake pakurmatan (menyatakan rasa hormat)
Matur nuwun = omong mratelakake pakurmatan

Akeh uga wong ngucap 'matur suwun' utawa 'matur kasuwun'. sing uga ora kena diluputake. Mung wae sing luwih lumrah keprungu ing satengahe masyarakat yaiku tembung > matur nuwun.

(3)
Nuwun sewu.
Nuwun = mratelakake pakurmatan (menyatakan rasa hormat).
Saka akehe enggone ngurmati, enggone kurmat kaya nganti kaping sewu. Conto ukara :
(1) "Nuwun sewu, Pak. badhe nyuwun pirsa. Dalemipun pak Lurah punika pundi ?"
(2) " Nuwun sewu, badhe ndherek langkung, Pak " tembunge bocah sing ngerti tatakrama, arep liwat ing dalan cilik sing ing pinggir dalan kono akeh wong tuwa padha lungguhan.

Yen ana sing ngucaoake 'nyuwun sewu' , kleru, awit 'nyuwun' iku tegese 'njaluk.' Nyuwun sewu tegese rak njaluk sewu. ( nJaluk kok mung sewu, mboksing akeh pisan, njaluk sajuta apa rong juta ).

( Djajus Pete ).-

SEPA SEPI LIR SEPAH SAMUN

(1) Ukara kasebut klebu basa rinengga, kejaba becik tata rakiting ukarane, uga ngandhut purwakanthi sastra. Purwakanthi sastrane yaiku kaya kang kasebut ing sajrone tandha kurung.

(se)pa (se)pi lir (se)pah (sa)mun = pengulangan suku kata > sa.
se(pa) se(pi) lir se(pah) samun = pengulangan suku kata > pa.

Basa rinengga mengkono iku kejaba becik, edi peni tata rakiting ukarane, yen diucapake uga kepenak dirungu. Apamameh kanthi ukara kang mentes ngandhut makna kang jero.

(2) Ukara 'sepa sepi lir sepah samun ' tinemu ing Serat Wedhatama, riptane Kanjerng Gusti Arya Adhipati Mangkunegara ka-IV ing Surakarta Hadiningrat. Dene tegesing tembung siji-sijine, yaiku :

sepa = ora ana rasane = hambar ( bhs Ind)
sepi = sepi ora ana apa-apane
llir = kaya = seperti (bhs Ind)
sepah = ampas
samun = sepi banget

Dadi wong iku, luwih-luwih dadi wong tuwa utawa wong sepuh, aja mung 'sepuh tuwuh'. Ingkang Sinuwun Paku Buwono ka-IV, milah-milahahe anane tembung sepuh tumrap wong tuwa, yaiku :

(a) sepuh tuwuh = mung akeh umurem mung tuwa ragane.
(b) sepuh lungguh = enggone aran sepuh merga duwe kalungguhan senajan umure isih enom.
(c) sepuh tayuh = ngerti utawa mudheng bab agal-alusing rasa / kahanan lan nduweni piyandel.
(d) sepuh kawruh = sugih kawruh maneka warna babagan tata- lair.

Ngenani jerone kawruh batin ora mesthi dumunung ing wong tuwa . Akeh wong tuwa sing mung akeh umure (sepuh tuwuh) tuwa tuwas, njerone kothong kaya ampas sing ora ana apa-apane. Yen bisa, dadiya wong marang werdining ngelmu lan bisa ngetrapake ing urip padinan kanggo pangukuhing jiwa, yaiku sing diarani wong tuwa .@

( Djajus Pete ).-

TEPA SLIRA


Akeh tetembungan Jawa sing metes kena kanggp ngasah rasa, nggegulang jiwa kanggo sanguning urip ing satengahe bebyaran. Tembung utawa ukarane ora mesthi dawa, akeh uga sing tembunge cekak kayadene tembung TEPA SLIRA sing mung rong tembung. Senajan cekak nanging aos, mentes, isi piwulang becik.

Tepa slira saka tembung TEPA lan SLIRA.
Tepa tegese, apa-apa sing kanggo ukuran. Slira tegese awak, badhan utawa dhiri pribadi ( awake dhewe ).
Tepa slira, tegese, samubarang tumindak diukur, ditepakake ing awake dhewe. Yen awake dhewe emoh diapusi, ya aja ngapusi wong. Yen awake dicethot krasa lara, ya aja nyethot uwong. Yen ing ati lara disepelake uwong, ya aja nyepelekake uwong.

Wong yen tansah bisa tepa slira ing sabarang tumindake, wis mesthi akeh slamate lan bakal diasihi dening bebrayan saka enggone kanggonan budi utawa. Embah - embahe wong Jawa wis padha paugeran saka piwulange nenek-moyange wujud ukara mengkono kuwi kanggo ngukur ala lan becik.
Wong bisa ngecakake tepa slira saka manut pituduhe swaraning atine awit swara ati iku ing salawas-lawase tansah ngajak ing dalaning bebener. Swara ati utawa swara kalbu iku ora nate goroh lan tansah elik-elik yen wong mau arep tumindak luput. Sadurunge wong colong jupuk,umpamane, wis mesthi atine wis elik-elik ing sadurunge yen nyolong iku ora becik, aja dibacutake. Dene kok akeh wong sing nerak-nerak seneng ngumbar hawa napsu ing tumindak kleru , iku saka budheging kupinge sing ora gelem ngrungoake swaraning atie. Ora bakal wong bisa tepa slira yen ora gelem nggugu swaraning atine? @

CANCUT TALI WANDA



Wangsulan :
Cantut tali wanda, tegese, temenan enggone tumandang gawe.

Jlentrehe mengkene :
Yen mung ngapalake tegese ukara, gampang apal. Nanging ana uga sawetara wong sing penasaran saka ora mudheng marang anane tembung 'cancut tali wanda' iku, kepiye nalare dene tembung iku nduweni teges > temenan enggone tumandang gawe?
Kanggo mangerteni tegesing ukara, kudu ngerti luwih dhisik tegese tembung siji lan sijine amrih pangertene bisa gamblang. Luwih-luwih ukara-ukara lawas tinggalane embah-embahe wong Jawa sing anane wis wiwit biyen, isih kudu diolak-alik kepiye mula-bukane sawijining tembung nduweni surasa.

(a) cancut = nyilakake jarit banjur disuwelake ing sabuk utawa setagen. ( Jaman biyen,wong-wong lanang padha nganggo jarit kang disabuki amba utawa disetageni. Yen arep tumandang gawe, mesthi wae jarite bisa ngribedi yen ora disilakake mendhuwur lan disuwelake ing sabuke ).
(b) wanda = awak.
Cancut tali wanda = jarite ditalekake utawa disuwelake ing awak merga arep tumandang gawe temenan.

Ukara :
(1) KPK cancut tali wanda mbrantha koruptor.
(3) Wong-wong kampung cancut tali wanda ndandani kreteg kang ambrol keterak banjir.

Yen ing idiom bahasa Indonesia, cancut tali wanda padha karo menyingsingkan lengan baju.

( Djajus Pete ).-

Kawruh Basa Jawa

Tembung Jawa ENTHENGAN TANGAN
apa padha tegese karo RINGAN TANGAN ing bahasa Indionesia? Soale tembung Jawa 'entheng' yen diterjemahake menyang bahasa Indonesia yaiku > ringan.

Jebul tegese ora padha,malah nduweni teges kang kosok balen. Enthengan tangan nduweni teges kang ala (negatip) dene ringan tangan nduweni teges sing apik (positip).
Ing bahasa Indonesia, ringan tangan tegese > suka menolong , membantu, lekas berbuat sesuatu. Dene enthengan tangan (basa Jawa) tegese > seneng mara tangan ; cengkiling ; seneng milara.
Tembung Jawa sing tegese padha karo 'ringan tangan' (bhs Ind) yaiku > enthengan bau.

Ana tembung 'mara tangan' lan ya ana tembung 'ditangani' sing tegese dipilara nganggo tangan. Ukara > Wong wadon iku nangis gero-gero mentas ditangani bojone = mentas ditempiling bojone utawa mentas dijotos bojone.
Beda tegese karo tembung 'ditangani' ing bahasa Indonesia sing tegese > dikerjakan utawa dipriksa yen mujudake perkara. Ukara (1) Jembatasn yang ambrol itu akan segera ditangani pemerintah. (2) Dua saudara yang saling bacok itu, sekarang ditangani polisi, Polres"

Tembung 'ditangani' (bhs Indonesia) iku saiki akeh diserap dening penulis basa Jawa sing dadi kurang trep panganggone,malah ngguyokake. Ukara > Sedulur loro sing padha bacokan iku saiki ditangani polisi, Polres (mengkono penulis Jawa enggone njawakake ing tulisane sing kepacak ing majalah Jawa ).
Malah ora mung penulis Jawa, masyarakat Jawa ya wis kaya lumrah nggunakake tembung 'ditangani' kang kleru enggone ngetrepake ing omongan basa Jawa, kaya ing conto ukara iki > "Kades sing korup Sembako iku saiki wis ditangani Bupati," tembunge sawenenh pendhudhuk desa.
"Ya lara no, awake, yen kamplengi pak Bupati," grenenge kancane krungu tembung kaya mengkono awit kancane ngerti, tembung ditangani ing basa Jawa tegese dipilara nganggo tangan.@

KANCILEN 

Ing postinganku, taksebutake , wong Jawa ngarani kancilen marang wong sibng ora enggal bisa turu bengi. Anane mung klisikan, glebagan, mripat mentholong terus, ora enggal bisa turu ing wayah tengah wengi.
Sedulur Dhenny Purwonegoro, asung komentar mengkene > Kancilen jare angel turu. Iku lagi kancilen, durung ;gajahen' njur kaya ngapa yah?

Sing dadi pitakonan, kepiye nalare embah-embahe wong Jawa jaman biyen nyebut 'kancilen' kanggo ngarani wong sing angel turu bengi. Kok ora nganggo jeneng kewan liyane, 'gajahen' kaya komentare mas Dhenny, apa 'wedhusen' utawa nyebut jenenge kewan liyane. Kok arane 'kancilen' iku nalare kepiye?
Apa ana sanak kadang kang darbe alasan sing masuk akal?

SEPA SEPI LIR SEPAH SAMUN

Ukara kasebut tinemu ing sawijining tembang ing Serat Wedhatama. Dene tegese tembung siji-sijine, yaiku :

sepa = ora ana rasane = hambar (bhs Ind)
sepi = sepi ora ana apa-apane
lir = kaya = seperti (bhs Ind)
sepah = ampas
samun = sepi banget

Dadi wong urip kudu nduweni kawruh batin (rokhani) sing jero ngenani kautamaning urip. Aja dadi wong sing uripe sepa sepi lir sepah samun, lire , uripe ora beda kaya sepah sing wis ora ana gunane tumrap bebrayan (masyarakat). Luwih-luwih dadi wong tuwa utawa wong sepuh, aja dadi wong tuwa sing mung seopuh tuwuh.
Ingkang Sinuwun Paku Buwono ka-IV milah-milah anane pangerten tembung sepuh, yaiku :

(1) sepuh tuwuh = mung akeh umure ,mung tuwa ragane.
(2) sepuh lungguh = enggone kasebut sepuh merga duwe kalungguhan senajan umure isih enom.
(3) sepuh tayuh = ngerti utawa mudheng bab agal-alusing rasa utawa kahanan sarta nduweni piyandel (keyakinan)
4) sepuh kawruh = sugih kawruih maneka warna babagan kawruh tata lair.

Ora kabeh wong tuwa mesthi duwe kawruh batin.Kepara luwih akeh cacahe wong tuwa sing mung tuwa ragane ,akeh umure , nanging njerone kothong kaya ampas,ora ana isine blas. Ya wong mengkono iku sing aran sepa sepi lir sepah samun (sepuh tuwuh).
Dadia wong tuwa sing mentes ana isine,weruh werdining ngelmu sarta bisa ngetrapake jroning urip kanggo pikukuhing jiwa.*

(Djajus Pete, Jakarta,04 Jan 2012),-


WATUK lan WATAK

Tulisan watuk lan watak bedane mung ana ing hurup U lan hurup A. Yen disawang bedane kaya mung sepele, mung ana ing sahurup, nanging ing prakara teges (arti),tembung loro kuwi adoh banget bedane. Watuk bisa mari, kena ditambani, nanging yen watak ora bisa mari. Kepiye nalare kok bisa kaya mengkono?

Hurup U ing tembung watuk, wujude bolong ndhuwur. Baksilwatuk ing njerone huru U iku. Yen klebon obat watuk, baksile gampang mlayu ilang liwat bolongan dhuwur iku. Mulane yen mung watuk, gampang mari ditambani.

Wujude hurup A ing tembung watak nganggo dipalang tengah njalari ana bentuk segitiga ing ndhuwur. Sing aran 'watak' manggon ing njero segitiga iku, mulane ora bisa metu utawa ora bisa mari. Marine watak yen wong wis diujurake ngalor. (DP).-


W U Y U N G
(Tukar Padu)

Wong yen lagi wuyung, lagi gandrung, ya ngana kae, pethak-pethuk. Yen TIR PADHA IRENGE, SIR PADHA SENENGE, ya dadi. Jaka - Prawan, klakon nikahan.

(1) Nalika isih pacaran, adate, sing akeh omonge iku sing lanang. Ngecepres wae, sing wadon, ceweke, kaya diakon ngrungokake wae.

(2) Yen wis klakon nikahan, dadi bojone, genti sing wadon sing akeh omonge. Sing lanang kaya diakon ngrungokake rembuge perkara butuh.
"Apa-apa larang, Mas. Nganti wedhak wae saiki ora bisa nganggo sing apik. Dhek kae, wedhak Ponds ae aku emoh nek ora wedhak Tulji. Saiki, wedhak bantal ya arep. Srandhal ya ngono...Dhek kae, srandhal ya Carvil, Ardhiles apa Kasogi...Saiki, srandhal japit ya gelem," tembunge sing wadon ngandhakake jaman prawane nganggo wedhak lan srandhal sing bermerk, rega larang.
Sing lanang meneng wae, ora semaur blas, ngrumangsani pengasilan kurang, pegaweyane ora mesthi.

(3) Bareng klakon anak-anak, ya beda maneh awit butuhe saya akeh. Lanang lan wadone padha akeh omonge. Omong banter-banteran aliyas padu perkara butuh, tanggane sing diakon ngrungokake enggone padu.

(Kaserat dening bapa Djajus Pete nalika tanggal 28 Desember 2012, kang wektu iki lagi plesir nyang Batavia.)


GARA-GARA

Aweh conto iku luwih utama tinimbang mung omong apik, awit akeh wong sing mung apik unine lambe nanging tumindake ora cocog karo unine lambene. Mung kanggo abang-abang lambe, ora tumus tekan ing atine. Mung lamis aliyas munafik.
Nyatane padha ora bisa nyontoni apik senajan dadi Tokoh Masyarakat, dadi Pemuka Agama, Ahli Kitab. Dadi Pimpinan, dadi Pejabat, dadi Wakil Rakyat. Ora kok Ing Ngarsa Sung Tuladha nanging ING NGARSA MUMPUNG KUWASA. Ora kok Ing Madya Mangun Karsa nanging ING MADYA NGGROGOTI ARTA. Ora kok Tut Wuri Handayani nanging TUT WURI HAMBUBUTI. Bubrah sakehing tata, gawe panas sumuke hawa satemah nuwuhake Gara-Gara.

Gara - Gara !
Gara-gara yen diwalik unine : Raga - raga. Tegese, saya akeh manungsa sing mung mburu kanikmataning raga, kurang marsudi marang alusing budi, tuntunane agami. Kitab Suci mung kanggo isen-isen lemari. mBuru kadonyan, ninggal kautaman. Mentalan, mburu kemewahan, kawibawan, kaluhuran, drajat-pangkat lan kamelikan.
Melik nggendhong lali, bandhane negara digrogoti. Dhuwite rakyat, disikat.
Dadi garong, omahe magrong-magrong.
Dadi maling, methangkring.
Dadi rampog, malah mongkog.
Brandhal kecu sugih mbrewu.
Wong ngawur, makmur.
Wong salah, mbregagah, bungah-bungah.
Wong edan bisa dandan.
Koruptor mopyor, tumpakane montor. Bebas murni ora diadili, yen wong cilik negor jati sadriji, ngringkuk dibui telung sasi. Anak bojone nangis mbrebesmili, mangane wi gembili, raine pucet kurang gizi.
Gara-gara : goroh-goroh.
Raga-raga : rogoh - rogoh.

Gara-gara ora mendha, senajan wis 67 taun merdika, wong cilik isih panggah rekasa kaya dijajah Landa. Jaman Jepang, didugang Jepang, jaman merdika isih kelara-lara. Ratu ora kena digugu. Mantri - Bupati mung golek mukti. Reregan mundhak, wong cilik saya klenggak. Kesurang-surang keblegan utang. Pating bilulung, bingung kesandhung-sandhung, sikile mlenthung, gegere mlengkung. Kedengkek ndheyek-ndheyek, gegere kaya coklek.
Gara-gara ora rampung, saya kedlarung. Sing kuwasa padha ngaji pumpung, kebak bandha tumpuk undhung. Pejabat lan wakil rakyat mung golek nikmat kanggo wong sabrayat.

Jamane wis kwalik-kwalik, wong apik malah disirik. Wong suci, dibenci. Wong jujur, kojur. Wong bener, thenger-thenger. Wong lugu, keblenggu. Wong bares, ora direwes. Wong temen, ora direken.
Jaman bubrah. Wong mblangkrah malah disembah-sembah. Wong ala, dipuja-puja. Wong jahat, diangkat-angkat,mundhak pangkat, mobile mengkilat, bandhane sakharat-harat. Sing mlarat saya mlarat, kerja berat opahe ora murwat. Jaman edan kaya wis ora ana tatanan. Jaman rusak, sakehing tatanan diterak-terak. Bubrah sakehing tata. Beja-bejane sing lali, isih beja sing eling klawan wspada.@

(Djajus Pete).-