Saturday 12 January 2013

PANULISAN AKSARA

Kawruh Ejaan Basa Jawa

(1) Asal-usule ejaan basa Jawa iku migunakake aksara Jawa dene basa Indonesia migunakake abjad A B C D E F...lst. Lengkape aksara cacah 20 iku, yaiku :

Ha Na Ca Ra Ka
Da Ta Sa Wa La
Pa Dha Ja Ya nya
Ma Ga Ba Tha Nga

Ing aksara Jawa iku ana Da lan Dha , ana Ta lan Tha. (ing abjad ABC...,anane mung D lan T).
Ya amarga iku ing basa Jawa ana ejaan D (Da) lan Dh (Dha) sarta ana ejaan T (Ta) lan Th (Tha).

Tembung sing migunanake ejan D (d) :
dalan ; dudu ; adil ; gudel ; dodol...,lsp.

Tembung sing migunanake ejaan Dh (dh) :
dhadhu ; adhik ; bedhug ; gedheg ; kodhok...lsp.

Tembung sing migunakake ejaan T (t) :
tamu ; tiba ; manten ; mati ; soto..,lsp.

Tembung sing migunakake ejaan Th (th) :
thuthuk ; kanthil ; penthol ; jranthal ; kethek..,lsp.

(2) Carane mbedakake supaya ora kleru panulise ejaan.

Tembung sing migunanake ejaan 'dh' lan 'th' ,menawa tembung iku diucapake ana ing lambe,lambe nyoro lan rasane ilat kaya nyanthol ing cethak.
Contone tembung-tembung conto ing ndhuwur iku, nalika lambe ngucapake tembung > dhadhu ; adhik ; bedhug ; gedheg ; kodhok ; thuthuk ; kanthil ; penthol ; jranthal ; kethek...rasane ilat kaya nyanthol ing cethak (Coba tembung-tembung iku panjenengan ucapake lan ilat panjenengan rasakake nalika ngucapake tembung-tembung kuwi).

Tembung sing migunakake akrasa 'd' dan 't',yen diucapake, lambe ora nyoro lan rasane ilat ora kaya nyanthol ing cethak, kayadene nalika ngucapakle tembung-tembung > dalan ; dudu ; adil ; gudel ; dodol ; tamu ; tiba ; manten ; mati ; soto...,lsp.

Iki pasinaon sing paling praktis, gampang dipahami supaya bisa nulis basa Jawa kanthi ejaan sing bener.
Merga ing basa Indonesia anane mung hurup 'd' bisa nulis > kedondong , dukun ; dalang ; brandal....Nanging yen tembung-tembung iku ditulis ing basa Jawa, nulise > kedhodhong ; dhukun ; dhalang ; brandhal....

Mengkono uga anane mung hurup 't' ing bahasa Indonesia, bisa nulis > pentol bakso. Nanging yen ing basa Jawa,nulise > penthol bakso.*

(Djajus Pete).

Sepisan maneh dak elingake babagan panulisan aksara "a" ing basa Jawa kang asring ditulis kleru nganggo aksara "o".
Muga dadi tambahing kawruh marang kang durung wanuh bab panulise aksara latin basa Jawa. Panulisan vokal basa jawa nganggo aksara Latin sing rada mbingungake iku kareben ora bingung bisa miturut paugeran ing ngisor iki.

Ing basa jawa swara [ä] utawa a jejeg kudune katulis nganggoaksara a, dudu aksara o, sabab aksara Jawa iku unine nglegena, yaiku ha, na, ca, ra, ka, lsp.
Yen katulis nganggo aksara Jawa, swara nglegena iku katulis tanpa nganggo sandhangan apa-apa.

Manawa swara [ä] utawa swara a nglegena katulis nganggo aksara o, unine terus dadi ho, no, co, ro, ko, lsp.
Lan yen katulis nganggo aksara jawa, kudu tinulis mawa taling lan tarung.
Kajaba kuwi, swara [ä] lan [o] iku bisa mbedaake wujud lan surasaning tembung sabab kalebu fonem kang beda.
Dadi, swara [ä] kang linambangake mawa aksara a iku beda banget karo swara lan aksara o.

Panulisane swara [ä] nganggo aksara a utawa o bisa uga dititeni nganggo cara mangkene.
Yen ana swara [ä] dumunung ing tembung lingga lan tembung kasebut diwuwuhi panambang –e, swara [ä] ing tembung iku owah dadi swara [a] utawa a miring, panulise swara [ä] ing tembung kasebut kudu tinulis mawa aksara a. Tuladha:
arta + -e _ artane
[artä] [-é] _ [artané]
bala + -e _ balane
[bälä] [-é] _ [balane]
sega + -e _ segane
[segä] [-é] _ [sêgané]
rupa + -e _ rupane
[rupä] [-é] _ [rupané]
Katon cetha swara [ä] ing tuladha dhuwur bakal owah dadi [a] sawise kawuwuhan panambang –e.



Kawruh Basa Jawa
Tembung Jawa ENTHENGAN TANGAN apa padha tegese karo RINGAN TANGAN ing bahasa Indionesia? Soale tembung Jawa 'entheng' yen diterjemahake menyang bahasa Indonesia yaiku > ringan.

Jebul tegese ora padha,malah nduweni teges kang kosok balen. Enthengan tangan nduweni teges kang ala (negatip) dene ringan tangan nduweni teges sing apik (positip).
Ing bahasa Indonesia, ringan tangan tegese > suka menolong , membantu, lekas berbuat sesuatu. Dene enthengan tangan (basa Jawa) tegese > seneng mara tangan ; cengkiling ; seneng milara.
Tembung Jawa sing tegese padha karo 'ringan tangan' (bhs Ind) yaiku > enthengan bau.

Ana tembung 'mara tangan' lan ya ana tembung 'ditangani' sing tegese dipilara nganggo tangan. Ukara > Wong wadon iku nangis gero-gero mentas ditangani bojone = mentas ditempiling bojone utawa mentas dijotos bojone.
Beda tegese karo tembung 'ditangani' ing bahasa Indonesia sing tegese > dikerjakan utawa dipriksa yen mujudake perkara. Ukara (1) Jembatasn yang ambrol itu akan segera ditangani pemerintah. (2) Dua saudara yang saling bacok itu, sekarang ditangani polisi, Polres"

Tembung 'ditangani' (bhs Indonesia) iku saiki akeh diserap dening penulis basa Jawa sing dadi kurang trep panganggone,malah ngguyokake. Ukara > Sedulur loro sing padha bacokan iku saiki ditangani polisi, Polres (mengkono penulis Jawa enggone njawakake ing tulisane sing kepacak ing majalah Jawa ).
Malah ora mung penulis Jawa, masyarakat Jawa ya wis kaya lumrah nggunakake tembung 'ditangani' kang kleru enggone ngetrepake ing omongan basa Jawa, kaya ing conto ukara iki > "Kades sing korup Sembako iku saiki wis ditangani Bupati," tembunge sawenenh pendhudhuk desa.
"Ya lara no, awake, yen kamplengi pak Bupati," grenenge kancane krungu tembung kaya mengkono awit kancane ngerti, tembung ditangani ing basa Jawa tegese dipilara nganggo tangan.@



Mulane, tembung arta, bala, sega, lan rupa ORA BENER yen katulis arto, bolo, sego, lan rupo.

No comments:

Post a Comment