ASTRAJENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU ( 1 )
Sastrajendra hayuningrat pangruwating diyu iku, keprungu nalika prabu
Sumali ing Alengka nganakake sayembara kanggo njodhokake Dewi Sukesi,
putrine. Sarate, sapa sing bisa ngasorake Jambumangli lan bisa mejang
ngelmu Sastrajendra hayuningrat pangruwating diyu marang Dewi Sukesi,
yaiku pawongan sing bakal disuwitani Sukesi minangka garwane.
Akeh Ratu
lan satriya sing mundur kasoran ora bisa nandhingi kasektene
Jambumangli kang apengawak buta. Sing bisa ngalahake Jambumangli ora ana
liya kejaba begawan Wisrawa saka pertapan Amulaya, ya ramane prabu
Danapati, raja Lokapala.
Maune sing dadi raja Lokapala ya Wisrawa
kuwi. Keprabon dilintirake marang Danapati sing isih jaka taruna.
Wisrawa banjur madeg dadi pandhita ing pertapan Amulaya.
Krungu yen
ing Alengka ana sayembara putri, sabenere Danapati sing arep mangkat
melu ngleboni nanging dicegah dening ramane kanthi alasan , sepisan,
nguwatirake keslametane anak yen nganti kedrawasan awit Jambumangli iku
sekti mandraguna. Kapindho, Danapati ora ngerti ngelmu Sastrajendra
hayuningrat pangruwating diyu sing kudu diwejangake marang Sukesi
minangka sarate.
"Rama sing kepeksa mangkat, Ngger...Idhep-idhep
luru mantu , Dewi Sukesi bakal takjodhokake marang sira yen Rama bisa
mupu sayembara iku," mengkono ujare begawan Wisrawa marang Danapati
sadurunge mangkat menyang Alengka. *
SASTRAJENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU ( 2 )
Nanging enggoking lelakon mleset saka niyat sakwit. Ing nalikane
Wisrawa mejang Sastrajendra marang Sukesi jroning gedhong kang sepi ing
wayah bengi awit ora kena dirungu liyan, Wisrawa kang tuwa kisut iku
malah kepencut marang kasulistyane Dewi Sukaesi kang isih kenya, satemah
Sukesi nggarbini. Lair anake mbarep Rahwana ya Dasamuka kang awujud raseksa.
Sateruse lair Kumbakarno kang uga uga buta. Mengkono uga kang lair
wadon, Sarpakenaka, wujud raseksi, buta wadon. Anak-anake iku banget ala
watake, candhala ing budi, degsiya murang tata, seneng ngumbar
kamurkan.
(2)
Sastrajendra hayuningrat pangruwating diyu,
anyariyosaken pepuntoning kawruh kasampurnan Budha, ugi saged cundhuk
kaliyan pikajengipun ilmu Ma'rifat. ( Menceritakan puncak ilmu
kesempurnaan Budha yang juga cocok dengan makna ilmu Ma'rifat ),
mengkono pratelane Mas Ngabehi Prawirahamijaya, redaktur Jawi Sejati ing
buku terbitan Budi Utama, Surakarta, th 1918.
Dene miturut Ir Sri Mulyono ing bukune, apakah Satrajendra itu ?
Sastra adalah ngelmu (kitab) atau ajaran. Jendra adalah Nalendra (
Gusti = Raja Tertinggi ). Pendek kata, Sastrajendra adalah akhir dari
segala akhir ajaran ngelmu, sehingga sudah tak ada lagi ngelmu yang
dapat dicapai manusia ( Entek-entekane kawruh, pepuntoning laku laku
utawa pucuking Ma'rifat ).
Banyak orang mengira bahwa begawan
Wisrawa sudah memiliki Sastrajendra. Namun sesungguhnya ia sedang dalam
perjalanan untuk berusaha mendaoatkan Sastrajendra pangruwating diyu,
tapi tergelincir napsu kelamin yang dilambangkan dengan tokoh Dewi
Sukesi. Maka lahirlah anak-anaknya yang berujud raksasa jahat sebagai
simbol Wisrawa yang belum bersih benar jiwannya.
ASTRAJENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU ( 3 )
Ukara 'Sastrajendra hayuningrat pangruwating diyu' yen disemak saka tegese tembung siji lan sijine, yaiku :
Sastra = serat ; kitab utawa ajaran.
Jendra = Nalendra ; Ratuning ratu utawa Gusti.
Hayuningrat = hayu saka tembung rahayu, tegese slamet. Ing rat = ing jagad.
Pangruwating = ngendhaleni utawa ngowah sing ala dadiya becik.
Diyu = buta ; raseksa.
Jlentrehe, iku ajaran saka Gusti kanggo manungsa amrih bisane slamet
uripe ndonya - akherat kudu sarana ngendhaleni watak buta ing sajroning
awake. Wataking buta iku , budine ora tata. Srakah angah-angah,
drengki, srei , panasten , brangasan, degsiya, kumalungkung aji pumpung,
sawenang-wenang dhemen gawe karusakan kanggo kauntungane awake.
Ing
awake saben wong kedunungan watak amarah, watak diyu ya watak buta.
Watak buta sing ora ngerti ing kautaman mengkono iku perlu diruwat,
diowah sarana dikendhaleni amrih ora kebacut ndadra nguwasani awak. Yen
watak buta sing ana ing saben awake wong iku diumbar, tundhone bisa gawe
rusaking urip. Ora mung ngrusak uripe dhewe, nanging uga bisa ngrusak
uripe bebrayan agung.
Wisrawa ing atase begawan, pandhita suci,
isih kepleset ora bisa ngempet ngendhaleni napsune nalika sesandhingan
karo Sukesi sing pancen sulistya ing warna jroning gedhong kang sepi.
Banjur ing endi dununge tembung : Sabda pandhita Ratu ?
Sabdane
pandhita utawa Ratu, sepisan dadi, diugemi, ora kena mencla-mencle.
mangka mmanghkate saka Lokapala kanthi niyat golek mantu, dijodhokake
prabu Danapati, anake. Jebul Sukesi dialap dhewe. Yaiki sing ngruntuhake
martabate Wisrawa satemah lair anak-anake wujud buta kang mujudake
simbol kurang resiking jiwane Wisrawa.
Wiwit laire Rahwana,
anak mbarep wujud buta , Wisrawa kang sedhih duwe anak kaya mengkono,
banjur nindakake laku prihatin.Ing pangajab aja nganti duwe anak maneh
kaya mengkono wujude. Ewasemono isih lair maneh anake wujud buta,
nandhakake yen Wisrawa durung resik temenan jiwane. Dadine saya mempeng
enggone tirakat, luwih manther enggone semedi nenuwun marang Kang
Akarya Jagad. Andekpuna isih lair maneh anak ketelu wujud raseksi.
Saya gentur enggone olah batin, meper hawa napsu kanggo resiking jiwa.
Lagi ing sateruse lair anak wuragil kang bagus rupane, yaiku Gunawan
Wibisana kang seneng marsudi ing olah kautaman. Iku minangka simbol yen
Wisrawa ing akhir uripe lagi bisa nguwasani ngelmu Sastrajendra
hayuningrat pangruwating diyu. * (DJAYUS PETE ).-
atrangan tegesing tembung :
keprungu = terdengar ( bhs Ind)
ngasorake = ngalahake
mejang = mulang
pawongan = wong
disuwitani = dingengeri
apengawak buta = awake wujud buta
keprabon = krajan = kerajaaan ( bhs Ind )
dilintirake = diwarisake
jaka taruna = jaka kang umure isih enom
kedrawasan = katiwasan = bilahi = cilaka
sekti mandraguna = sekti banget
sira = kowe
luru mantu = golek mantu
mupu sayembara = menang sayembara.
( Djajus Pete ).-
No comments:
Post a Comment