Monday 26 May 2014

DONGENG


Mahargya dina Kartini

Kaca Pengilon

Ana bocah wadon aran Gandasuli, wateke cêpak nêpsune lan bangêt panasbarane. Êmbokne prasasat wis ora kurang-kurang anggone kêrêp mituturi, dipurih sarèh ing budi, ananging ora bisa marèni.

Anuju ing sawiji dina Gandasuli dolanan pêpasaran, angadhêp êmpluk isi kêmbang warna-warna. Sadulure lanang bêbalangan watu, angênani êmpluk mau, banjur pêcah.Gandasuli bangêt anggone nêpsu, matane molar-malir, raine abang pating jêngkêrut, kongsi katon ala rupane.

Êmbokne enggal anjupuk pangilon, diadhêpake ing raine Si Gandasuli. Gandasuli saiba bangêt kagèt, nalikane andêlêng rupane dhewe sing ana ing pangilon, padha sanalika nêpsune ilang, banjur anangis, rumasa gela.

Êmbokne calathu,; " saiki kowe wus wêruh dhewe mungguh nyênyêngiting rupane wong nêpsu, kongsi angalakake rai, sanajan ta kowe ayu, nanging yen lagi nesu kaya ngono kuwi, rupamu ya medeni liyan, ndhuk..!"

Gandasuli , mung legeg nyawang simboke, karo manthuk-manthuk tandha nayogyani pituture wong tuwa.
" Yèn kowe isih sok nêpsu mangkono, mesthi sangsaya agawe alaning rupa, anyirnakake manising rai..."mangkono calathune simboke.

Gandasuli bangêt krasa ing atine, sabanjure ing sabisa-bisa ngendhakake nêpsune. Wêkasan budine sarèh, angundhakake ayuning rupa.

Êmbokne isih kêrêp mituturi ;" ênggèr, mungguh kanêpson lan budi sarèh, iku ana kadadeyane dhewe-dhewe, mangkono uga sarupaning panggawe ala lan kautaman. Kajaba saka iku, dadi wong wadon mono sabisa-bisa kudu duwe polatan ruruh jatmika, eseme winor ing wicara..."

Dudutane, mata iku minangka pangiloning nyawa, dadine picak dening panggawe ala. Kautaman kang amadhangake pandêlênge, lan angluhurake sihing wong liya.
Bumi Menthaok jaman biyen diarani alas Menthaok, ya ing alas iki sing dadi punjering kawigaten ana ing carita Babad Demak, uga ing Babad Mentawis.  Alas Menthaok, jarene sawenehing alas kang ana ing wewengkoning Kasultanan Pajang.Yen saiki prenahe ana ing tlatah Kecamatan Banguntapan Kabupaten Bantul Provinsi DIY. Ana ing abad kaping VIII – X,alas Menthaok iku satemene sawijining Kedhaton MataramKuna [ Hindhu]   sing nguwasani wewengkon JawaTengah perangan kidul ing jamane Prabu Sanjaya. Nalika panjebluge gunung Merapi ing taun 900-an , kang andadekake rusake kraton Mataram jalaran kurugan pasir lan watu, banjur kratone diboyong ana ing Jawa Timur.

Kraton Mataram banjur ilang wis ora kocap ana ing masarakat, atusan taun lawase tuwuh thethukulan kang sangsaya ngrembaka, satemah laladan mau dadi alas, kan banjur diarani Alas Menthaok, amarga akeh wit Menthaok.

Alas Menthaok iku klebu laladan ing kukuban KasultananPajang.Alas Menthaok dadi kondhang nganti tumeka saiki, jalaran saka wirayate Panembahan Giri Prapen, nalika amisudha Adipati Pajang kang aran Adipati Hadiwijaya minangka Sultan Pajang. Sultan Hadiwijaya iya Jaka Tingkir, nalika winisudha dening Panembahan Prapen Adi utawa Sunan Giri III, mirayatake , yen ing besuk Bumi Menthaok bakal nurunake Ratu gung binathara kang mengkoni Tanah Jawa.

Nalika Sultan Hadiwijaya arep mikut kraman Arya Jipang Panolan iya Pangeran Arya Penangsang, ora mentala jalaran isih tunggal guru, dadi mitra siswane Sunan Kudus, mula banjur ngadani sayembara, “sing sapa wonge bisa numpes kraman sing dipandhegani dening Arya Penangsang, bakal diwenehi bumi perdikan Pati Pasantenan lan bumi Menthaok.'. Sultan Hadiwijaya keprucut anggone medhar sabda, ora kelingan marang piwelinge Sunan Giri Prapen wektu semana.

Sayembara mau banjur dipupu dening Pamanahan lan Panjawi. Saka pangrekadayane Jurumertani, kraman Arya Penangsang kasil ditumpes tapis, Adipati Jipang Panolan kaprajaya dening Danang Sutawijaya, ananging diakokake yen sing mrajaya Adipati Jipang iku, Pamanahan lan Panjawi.
Sawuse kasil numpes kraman, Panjawi banjur winisudha dadi Adipati ing Pasantenan, dene Pamanahan durung kasil nampani bebungah bumi Menthaok kongsi limang taun suwene.

Ing taun1556, dening sultanPajang, Alas Menthaok banjur diparingake marang Pamanahan, amarga saka pratikele Kanjeng Sunan Kalijaga. Sanajan anggone ngulungake bumi Menthaok mau krasa abot, ya ing kene iki kang anjalari anane “ kontrak politik” antarane Sultan Hadiwijaya karo Pamanahan.

Jalaran bumi Menthaok iku minangka obore Kasultanan Pajang, obore ilang, ateges Kasultanan Pajang uga bakal surem. Pradondi kawula lan Gusti antarane Pamanahan lan Hadiwijaya, uga pradondi antarane sedulur tunggal guru antarane Pamanahan lan Jaka Tingkir, ilange bumi Perdikan Menthaok saka Pajang mau anjalari Sultan Hadiwijaya nandhang roga, prasasat nglumpruk tanpa daya kecandhak pengapesane.

Apa bener bumi Menthaok iku awujud alas?

Ana ing carita babad, yen bumi Menthaok iku awujud alas greng, nanging satemene bumi Perdikan Menthaok iku mau sawijining kedhaton cilik, sing ana ing wewengkon Pajang,  ananging ora gelem nungkul marang Pajang, mula banjur diarani alas greng kang wingit. Bumi Menthaok mau sing ngratoni wanita jejuluk Ratu Nawangwulan uga sinebut Lara Kidul, Ratu Wanita kang sumuyud marang Majapahit, ora gelem nungkul marang Pajang.  Mula Bumi Menthaok diwenehake marang Pamanahan, jalaran Sultan Hadiwijaya ora bisa ngalahake Ratu Nawangwulan.

Pamanahan sumaguh nungkulake Bumi menthaok kanthi pambiyantune prajurit sing digladhi dening Pamanahan ana ing desa Sela [ Purwadadi], iya  jalaran saka panyengkuyunge prajurit saka Sela lan Pasantenan, Bumi Menthaok bisa direbut dening Pamanahan, ana ing taun 1556 M.
Dadi satemene Bumi Perdikan Menthaok iku ora diwenehake dening Sultan Pajang marang Pamanahan, nanging Pamanahan dililani ngrebut Bumi Perdikan Menthaok, dene ganjarane ya Bumi Perdikan Menthaok kuwi. Limang taun suwene Pamanahan lan para kadang kadeyan, anggone bisa ngrebut Bumi Menthaok, sing saiki katelah Ngayogyakarta.


Ki Sastra Adiguna

Gawe jugangan

Sawijining dina Karta medhit nyangking kampil isi dhuwit emas gunggungge udakara 10.000 dirham. Si Kartamedhit, klebu wong sugih ing desa Parimas, sanajan sugih nanging medhit, mula katelah Kartamedhit. Jalaran dhuwit emase mau disimpen ana njero ngomah atine ora jenjem, mula si Kartamedhit duwe akal, arep dipendhem wae dhuwite mau.

Sawuse rampung gawe jugangan ana sangisore wit jambu, kampil isi dhuwit emas, banjur dilebokake ana jeron jugangan, Kanggo nutupi supaya ora nyalawadi, diwenehi larahan. Rampung anggone nyimpen dhuwit emas, enggal mlebu ngomah,
rumasa wis tentrem pikire, jalaran ora keganggu maneh marang anane dhuwit emas.
Saben esuk Kartamedhit mesthi tilik kebon nyedhaki wit jambu, banjur ndhudhuk jugangan sing kanggo nyimpen dhuwit emas, kampil diuculi taline, banjur dietung baka siji, gunggunge dhuwit ganep 10.000 dirham, terus dipendhem maneh kaya padatan. Kaya mangkono mau dilakoni saben dina embuh esuk embuh sore, Kartamedhit mesthi neng ngisor wit jambu.

Sawijining dina, pinuju wektu candhikala, Kartamedhit jumujug ana wit jambu buri omah, kaya padatan, sawuse ndhudhuk banjur ngetung dhuwit emas mau. Saka anggone ketungkul ngetung dhuwit, Kartamedhit ora nglegewa manawa ana pawongan sing maspadakake saka kadohan, amping-amping wit randhu alas.

Kartamedhit wis marem anggone ngetung dhuwite, banjur jugangan diurugi maneh, lemah dirartakake disawuri larahan amrih ora nyalawadi. Krungu adan magrib, enggal mlayu mlebu ngomah, ora nglegewa manawa ana dhuwit emas sing isih keri.

Wayah bengine pawongan mau, marani wit jambu, bareng nyawang ana cahya kuning kena sorote rembulan, banjur dicedhaki, jebule dhuwit emas. Larahan sing njembrung neng ngisor wit jambu banjur diresiki, ndilalah Kartamedhit mau lali, yen paculle ora dicangking mlebu.

Pawongan mau engal-enggal ndhudhuk lemah, wusana ing kono ana kampil banjur dijupuk, bareng taline kampil dibukak ngerti yen isine kampil mau dhuwit emas, wong mau engal-enggal lunga saka kono.
Esuke, kaya adat sabene Karta medhit mara neng ngisor wit jambu, saiba kagete nalika nyumurupi yen jugangan mau wis mlompong, mung ana dhuwit 10 dirham emas sing ditinggal ana jroning jugangan mau...Kartamedhit gulung koming, karo sambat jelih-jelih...

"Emasku! oh.. emasku!, bandhaku..dirampog nguwong "
tangga teparone krungu panjelihe Kartamedhit , banjur mrepeki, ana sing takon:” ana pa kang, kok bengak-bengok?”

"Emasku! oh.. emasku!, bandhaku..dirampog nguwong "
“lha kapan lehe ngrampok, dhuwitmu kok selehke ngendi..?”
“neng kono kuwi...karo nudingi jugangan..
“ o alah kang, besuk maneh yen dokok dhuwit aja neng jugangan kaya ngono kuwi, ya mesthi wae yen dijupuk nguwong..!”
sapi nggiring kali serayu, 040520141947

Serat Wedhari Basa (

Ki Sastra Adiguna

Dongenge ki Lebdajiwa

Ki Lebdajiwa, duwé anak loro ; sing barep lanang arané Punggung, dene adhiné, wadon, arané Nastiti. Ki Lebdajiwa klebu wong sugih ing désa Parimas. Mung émané duwé anak mung loro wewatekané ora padha.
Si Punggung sanajan lair barep nanging kesèdé ngungkul-ungkuli wong kesèd liyané. Lumuh ing samubarang gawé, sanajan wis diwasa nanging katelah Panji Klanthung, pegawéyané adol bagus, ngendelaké bandhané wong tuwa.
Ki Lebdajiwa wis ora kurang-kurang anggoné nggulawenthah si Punggung, tanggané kuwi ya ana wong sing bodho, nanging ora kaya si Punggung, bodhoné wong sadesa dienggoni dhéwé, mangkono mau gawé sengkelé sing tuwa.
Pagawéyané yèn ora ngabotohan ya nginum-inuman ciu, brah-brèh prasasat ngentèk-entèkaké bandhané wong tuwa. Suwé-suwé si Punggung wani tumindak sing gawé wirangé wong tuwane. Tumindake, ora mung ngapusi tangga teparoné, nanging uga clemer.
Mangkono mau ki Lebdajiwa mung ngelus dhadha, banjur besuk yèn sing tuwa wis ora ana, kepriyé dadiné si Punggung mau..?
Béda karo adhiné kanga ran Nastiti, bocahé manis, nanging wekel ing samubarang gawé, gemi lan ngati-ati ing bandha, ora brah-brèh kaya kakangné..
Sangsaya suwé uripé ki Lebdajiwa ngenes mikiraké klakuwané si Punggung, njalari nandhang lara nemen kongsi tumeka ing layon. Sawusé layon dirukti, si Punggung ora mèlu ngeteraké layoné wong tuwané, nanging mung nguntapaké saka ngarep omah.
Layon kabudhalaké, si Punggung mlebu senthong paturoné ki Lebdajiwa, bukaki lemari, nanging sing digoleki ora ana, banjur bukak pethi, nanging uga suwung ora ana bandha sing ditinggal, kajaba mung layang sasuwèk, sing wis lawas.
Layang wasiyat tinggalané ki Lebdajiwa, banjur diwaca dening si Punggung, sing surasané bab ngedum bandha warisan. Si Punggung diwènèhi kendhil tembaga isine emas picis raja brana sing dipendhem ing lemah pekarangané ki Lebdajiwa sing jembar bawera, nanging ora dituduhaké ing ngendi panggonané mendhem.
Déné si Nastiti mung diwènèhi tinggalan awujud omah saisiné. Anaké wadon mau kudu nrima ing pandum ora kena mèri marang kakangné. Jalaran ana tetembungan sagendhong sapikul, bagéyané si Punggung kepara luwih akèh. Si Punggung seneng atiné bisa dadi wong sugih ing désa Parimas.
Déné si Nastiti bareng wis diwasa banjur dirabi déning tanggané, kang kabener duwèni watek sing padha kaya tumbu olèh tutup, gemi nastiti ngati-ati, nanging ora medhit. Sregep lan wekel ing samubarang gawé satemah uripé bisa tentrem, amarga ngati-ati anggoné nanjakaké bandha sangsaya suwé wuwuh sugihé.
Déné si Punggung manggon ana omah sing cedhak kebon tinggalané ki Lebdajiwa, saben dina pagawéyané mung maculi lemah, sinambi nggolèki kendhil isi mas picis rajabrana, lemah mau ditanduri jagung, kacang uga pohung, lumayan kena kanggo ngisèni kendhilé ing pawon sing kothong.
Ana ing alam kelanggengan ki Lebdajiwa mung mèsem nyawang si Punggung…sing tansah nggolèki kendhil isi mas picis raja brana, sanajan nganti saiki kendhil mau durung ketemu...

1 comment: