Saturday, 12 January 2013

GEGURITAN

E L A K O N

ana randha ayu moblong
nyangking koper menyang hongkong
luru sandhang pangan
kanggo anake ing padesan
blitar, jawa tumur
bale somahe ambyar, atine ajur
o, lelakon
kaping pindho atine ketaton
oleh pacar mung seneng kelon

surabaya nyimpen sacuwil crita
pacare nggantheng duweke wong liya
saya nelangsa kelara-lara
mangkat lunga luru tamba.*

( Djajus Pete ).-



Guritan :
K L A N G E N A N

manuk klangenanku
mabur adoh parane
isih takrungu cetha ocehe
saka penclokane panging kekayon
nepusi alang - ujuring lelakon

creweting ocehe rina lan wengine
dumeling ora ana kendhate
sigrak pencolotan ing panging ati
ngangeni.

Cathetan :
Guritan ( puisi ) ora mung ngrakit ukara kang endah, edi peni, nanging sing luwih penting, guritan kudu duwe 'gaung' utawa 'gema' makna. Ora tegese tetembungan endah yen mung kothong tanpa teges. Nanging gaung makna sing mmuncul saka guritan ora mesthi padha ing penangkepane pemaos siji lan sijine. Bisa beda-beda imajinasine enggone negesi, gumantung ing rasa senine dhewe-dhewe. Lan uga bisa beda karo imajinasine penulise. Mula guritan utawa puisi iku subyektif. Beda karo karya gancaran (prosa) asifat obyektip.

Gaung utawa gema sing kepiye kang keprungu ing guritan iku? Apa manuk kang ucul ing guritan iku simbole kakasih kang pedhot ? Nuwuhake rasa kangen saka tresnane ? Nyumanggakake.

( Djajus Pete ).-


 
TAN BISA GINANTI

Tan kinira bombong sukamulyèng kalbu
Kinurmat sih tresnaning jalu
Nadyan tebih ing sabrangan niku
Kinèn ingong darana ing pangantu

Angling mijil manis memalatsih
Mring sekaring néndra pujan kinasih
Ing karna kapyarsa aris angarih-arih
Anyles karasa nadyanta papannya tebih

Kakang Andy, jejermu datan bisa ginanti
Nadyan kèh mitramu samya angantri
Datan ana sajuga kang mambu ati
Suthik nampi jalaran padha dora ngapusi

Mandragini, énjing 030113
Biyung Amie Williams



KEKESING RATRI

Kekesing wengi keket ngemuli ati
Tan gelem lepas saginggang rikma
Mepes sedya nedya nyarik ukara
Dhedhel binuntel sekel temah cuthel

Arsa kule dereng karasa arip
Thenguk-thenguk kelap-kelop
Milang lintang kang samya kumelip
Kasawang katon abyor sumorot

Miber ing gegana ngungak wiyati
Cekelan mega kekanthi samirana
Niling karna maspaos netra lan rasa
Sapa ngreti ana Dewa lagi rondha

Necep salwiring kawruh kaswargan
Ngudi sareh sabar darana sanyata
Tebih rasa kemrungsung brangasan
Rasa mulya hening ngeneb driya

Sidhem jinem kule ing mandragini
Rep-sirep sakehing rasa pangrasa
Dhedhep tidhem sawegung ratri
Sumeleh angga rineksa Hyang Suksma

Mandragini, ratri 060113
Biyung Amie Williams

PARIKAN

PARIKAN

Ing kawruh basa Jawa ana sing diarani parikan. Ing bahasa Indonesia, parikan padha karo pantun.
Parikan iku isi pasemon kanggo gegojengan. Ana uga sing tetembungane sok 'saru' mula parikan iku ora digolongake ing kasusastra kang edi-peni. Sing nggunakake parikan lumrahe ledhek (tledhek) ing tayuban utawa para buruh kang lagi nyambutgawe, kanggo nglipur ati amrih enggone nyambutgawe ora gelis kesel. Ing kesenian ludruk - Surabaya, seneng nggunakake parikan-parikan.
Ana parikan rong larik lan ya ana parikan sing dumadi saka patang larik.

(1) PARIKAN RONG LARIK :

kantor kawat mbayalali
ora kuwat rasane ati

kawate diuntir-untir
ora kuwat rasane pikir

jarik kawung diwiru-wiru
atine bingung ra bisa turu

dalan sepur dilumpati
ajur mumur ditekati

udan deres kuntule ngombe
tiwas ngenes ra melu nduwe

(2) PARIKAN PATANG LARIK :

gathukaca pringgondani
kang petruk irunge dawa
yen semaya aja nyidrani
yen kepethuk ing ati gela

pring kuning mangklung kali
sapa wonge gak kudu ngethok
ayu kuning ngetok-etoki
sapa wonge gak kudu melok

menyang sala payunge ilang
ketemune ing kreteg curug
dadi randha ora sumelang
yen bengi akeh sing nglurug

(Djajus Pete).-

Nyaring santen nganggo kalo, 
cekap semanten kula ngaso.

kolomonggo menek pelem"
sumonggo kulo nggeh badhe tilem"



santen peresane klopo,cukup semanten atur kawulo,


santen peresane klopo,menawi lepat nyuwun ngapuro,

santen peresane klopo,,menawi salah yo dielingno



uku gedhang,gedhange rojo.
Pring njepat dadi perkoro.
Sugeng injang sedherek sedoyo.
Podho semangat Ayo makaryo.


Nyaring santen napa klapa, kula kinten rada beda.

Dirudheng-rudheng njur dipaku.
Yen ramudheng takon o aku.
Sikancil nyolong timun.
Timune telu ijo-ijo.
Nanging ojo gumun.
Mergo aku yo wong bodho.



TEMBANG

TEMBANG DOLANAN 

E, DHAYOHE TEKA


e, dhayohe teka
e, gelarna klasa
e, klasane bedhah
e, tambalen jadah
e, jadahe mambu
e, pakakna asu
e, asune mati
e, buwangen kali
e, kaline banjiir
e, buwangen pinggir.

E, DHAYOHE TEKA iku tembang dolanan sing wis ana ing jaman biyen. Ora beda kaya tembang Ilir-Ilir ; Sluku-Sluku Bathok, Jamuran, lan sapanunggalane, aran tembang dolanan. Kasebut tembang dolanan awit sing nembangake bocah-bocah kalane padha dolanan sakancane.

Senajan bener tembang dolanan, nanging tembang iku ora beda kaya lageyane mBah-mBahe wong Jawa yen gegaweyan ora mung saangger, nanging ana maknane kang mentes.+ Maksude kepiye, maknane apa, ora kaweruhan awit ora ana wong sing ngandhakake. Malah sing ngarang tembang iku sapa, uga ora dingertteni. Anane wis dadi tembang apalane bocah saka gethok-tular, turun-tumurun ora beda sastra lesan. Anak-turune wong Jawa sing nduweni kawigaten kepengin ngerti , banjur mikir-mikir dhewe, nggagas-nggagas dhewe , nggrayangi isi maknane kang kinandhut ing ukara syaire. Siji lan sijine wong bisa beda-beda ernggone negesi, gumantung ing kadewasaning pikir lan jero - cetheking rasane dhewe-dhewe.

Ukara larikan ndhuwur dhewe nyebutake anane dhayoh sing teka. Sing dikarepake dhayoh iku sapa? Tekane dhayoh wis mesthi mawa karep, hiya 'karep' iku sing disanepakake dhayoh. Sing duwe omah, rumangsa ketekan dhayoh, agahan enggone nggelar klasa kanggo nemoni dhayohe.
Nanging bareng weruh klasane bedhah, dadi kelingan jadahe sing kena kanggo nambal bedhahe klasa iku. Jadah dijupuk, ndadak jadahe mambu. Merga jadahe mambu, terus kelingan asune merga jadah mambu iku bisa dipakakake asune. Mangan jadah mambu, asune mati. Weruh asune mati, banjur keliingan kali sing kena kanggo mbuwang asu mati. Wis tekan kali kok ndilalalh kaline banjir, dadi owah maneh pikirane, malih mikir kali sing lagi banjir. Kepiye enggone mbuwang asune sing mati yen kaline banjir?


 Nitik anane telung bab sing ora becik iku, > bedhahe klasa ; jadah mambu lan bathang asu, bisa uga iku mujudake pasemon tumrap 'kurang becike' sing duwe omah, sing ketekan dhayoh iku. Nandakake enggone ora ngerti ing tata-cara. Ketekan dhayoh sing maune wis digelarake klasa, lha kok ora enggal ditemoni, malah marani jadahe. Sateruse pikirane saya molah-malih, solan-salin siing dipikir, lali marang pikirane sing dhisik.

Syair tembang iku isi kritik marang wong kang ora nduweni pikiran sing madhep marang karepe sing sakawit.Yen butuhe nemoni dhayoh, kudune ya nemoni dhayoh. Umapama ing sajrone nemoni dhayoh duwe pikiran liya, ya kudu ana sambunge karo dhayohe. Umpamane, aba marang bojone diakon nggodhokake kopi utawa metu golek rokok sing disuguhake marang dhayohe. Nanging ora mengkono. Solan-saline pikiran ora ana sambunge karo dhayohe. Malah dhayohe ditinggal menyang kali barang perlu mbuwang asune sing mati.

Iku ora beda kaya wong sing nyaleg. Karep sepisanan sing ana ing pikire, kepengin dadi anggota DPR, bisa makili rakyate. Sawuse klakon dadi anggone DPR, kudune, kang ditiindakake ya kudu ana sambunge karo kepentingane rakyat sing diwakili. Ora kok bareng weruh dhuwit kandel, malih mlenceng karepe, salin sing dipikir, lali marang pikirane ing sakawait enggone makiili rakyat. Rakyate dadi kele-kele, ora beda dhayoh iku mau, ora direken saka wis owah pikirane sing duwe omah.

Sing dadi guru, salaku-lakune ya kudu tansah ana sambunge karo nenggone dadi guru. satindak-tanduke ya kudu bisa dadi patuladhan. Arep misuh kok ana muride, ya kudu diulu maneh, eling enggone sok nuturi muride sing ora pareng misuh. Kok diajak main kertu kancane ing pajagongan, ya becik ora, kudu eling enggone sok nuturi muride ora kena main judhi, ngabotohan.

Nanging ing jaman saiki, golek panutan utawa pimpinan sing teguh imane, sing tansah kenceng tekade ora molah-mallih saka ayahan kang disangkul, angel. Racake, kaya sing wis disumurupi ing ngakeh, kaya isining ukara ing tembang iku mau > AKEH SING SUWEK KAYA KLASA BEDHAH. AKEH SING KAYA JADAH MAMBU. AKEH SING KAYA ASU. Entek-entekane, akhire, asu mati ora kajen dadi bathang banger, dibuwang menyang kali, kelekake banjir. @

( Djajus Pete ).-

PUCUNG

AJARAN KAUTAMAN


Serat Wedhatama riptane KGPAA (Kanjeng Gusti Pangeran Arya Adhipati) Mangkunegara ka-IV ing Surakarta Hadiningrat, isi kawruh piwulang kautaman. Isine dumadi saka 14 pada tembang Pangkur ; 18 pada tembang Sinom; 15 pada tembang Pucung lan 24 pada tembang Gambuh.
Ing antarane 14 pada tembang Pucung iku, ana sapada kanthi ukara mengkene :

lila lamun
kelangan nora gegetun
trima yen ketaman
sakserik sameng dumadi
tri legawa nalangsa srah ing bathara.

Jlentrehe :
(1) lila lamun.
Wong kudu lila atine yen kelangan, ora perlu getun awit miturut piwulang suci, kabeh bandha donya iki mung titipan. Ora ana liya sing kagungan kejaba Pangeran, Allah SWT. Mulane ana tetembungan Jawa > drajat kenane minggat, bandha kenane lunga. Yen pancen wis dikersakake Pangeran, brajat pangkat lan bandha bisa ilang sakedheping netra.

(2) trima yen ketaman, sakserik sameng dumadi.
Digawe serik dening liyan, diina , disawiyah dening sapa wae, trima meneng ora kepengin males senajan atine nelangsa kelara-lara.

(3) tri legawa nalangsa srah ing bathara.
Kejaba lila yen kelangan lan trima atine digawe serik dening sapepadhane urip, sing katelu , rasa nelangsane dipasrahake marang 'bathara' hiya Pangeran, Allah SWT, awit percaya yen Pangeran bakal paring piwales marang umate sing cendhala ing budi.

Nanging apa ya akeh wong sing bisa sumeleh kaya mengkono iku? Anaa ya mung sethithik banget cacahe, ya wong-wong sing wis jero pangertene ngenani dununge urip. Wong - wong sing wis bisa menep atine mengkono kuwi, katon padhang praupane saka beninge pikir lan rasane. Wis bisa ngendhaleni hawa napsune sarta seneng nindakake kautaman marang sapepadhane urip. Ora duwe rasa getun yen kelangan jalaran ora tau rumangsa nduwe. @

Cathetan tembung :

lamun = yen
sameng dumadi = sesamaning urip
tri = telu
legawa = lila
bathara = bisa ateges Pangeran ing syair tembang iku.

( Djajus Pete ).-

KINANTHI


padha gulangen ing kalbu
ing sasmita amrih lantip
aja pijer mangan nendra
kaprawiran den kaesthi
pesunen saliranira
sudanen dhahar lan guling.

Cathetan (1) :
gulangen = kulinanna supara prigel
kalbu = ati
sasmita = firasat ; ngalamat ; pratandha
lantip = pinter
nendra = turu
kaprawiran = kekendelan
kaesthi = kang dituju ; kang dadi konsentrasi
pesunen = udinen kanthi temen
saliranira = awakira = awakmu
guling ( bantal dawa) = sing dikarepake > turu.

Cathetan (2) :
Tembang Kinanthi kasebut tinemu ana ing Serat Wulangreh, riptane Sri Pakubuwono ka-IV ing Surakarta Hadiningrat.Ing gatra (larik) pungkasan, ana sing kanthi tembung 'cegahen' > cegahan dhahar lan guling. Senajan beda tembunge nanging nduweni teges kang padha, yaiku > nyegah utawa ngurangi mangan lan turu.

Tembang kasebut isi pitutur ngenani urip, yen wong urip iku kudu bisa laku prihatin. Tegese, aja mung nggedhekake enggone mangan lan turu. Kudu bisa nglatih atine amrih bisa nguwasani anane sasmita, awit ing urip iki, akeh sasmita ( firasat , ngalamat utawa pratandha) sing ora terang-terangan. Dadi wong kudu bisa tanggap ing sasmita . Lire, atine kudu bisa krasa utawa bisa nampa anane sasmita , bisa ngerti marang karepe sasmita kang nekani awake.

Conto kasus sing paling gampang,umpamane, mentas ngapusi dhuwite wong. Let sawetara dina, tiba kepleset saka sepedha montor dadi lan larane awake, athang-athang lara,montore uga rusak. Sing kethul rasane,mung nganggep yen enggone tiba iku saka lunyune dalan,mentas udan, slip rodhane. Nanging yen bisa tanggap ing sasmita, bisa mikir, apa sebabe awake kok nemoni lelakon kaya mengkono? Dadi ngerti, enggone tiba iku kaya dielingake enggone mentas nindakake laku kang kleru. Sadhar kaya mengkono, banjur diati-ati enggone nglakoni urip ing dalan sing bener amrih slamet uripe ndonya-akherat.

Yaiku perlune sinau olah batin (rokhani), sarana ngasah atine supaya lantip (pinter). Aja mung nggedhekake enggone mangan lan turu wae. Mangan lan turu dikurangi, disuda, dicegah. Mangan yen keluwih-luwih, royal ( foya-foya), kejaba uga bisa dadi penyakit, uga bisa nyuda kawaspadan (kaprayitnan). Kakehan turu uga aran keset, ngentek-ngentekake wektu.@

(Djajus Pete).-


Sekar macapat : Kinanthi Tri pada

MUGA SAMYA RAHAYU
Wus dangu tan samya pangguh
Baya warta kang kapyarsi
Ulun tansah bagaswaras
Linuber ing sihing Gusti,
Daksesuwun mring Hyang Suksma,
Jinangkung ing saben ari

Prabangkara wus neng kayun
Cahyane trang amberkahi
Sagung titah jagadraya
Kinanthi ing saben ari
Jumurung lan pudyastawa
Samya gesang sukeng ati

Rerangkulan sayuk-rukun
Silih asuh asah asih
Samya gumyak ing pakaryan
Dentaberi ngati-ati
Nastiti ing guna kaya
Bagyamulya kang kaesthi

Tepiswiring persil kopi, enjing 100113
Biyung Amie Williams



NGELMU IKU


ngelmu iku kelakone kanthi laku
lekase klawan kas
tegese kas nyantosani
setya budya pangekese dur angkara.

Mengkono cakepan (syair) tembang Pucung ing Serat Wedhatama riptane Kanjeng Gusti Pangeran Arya Adhipati Mangkunegara ka-IV ig Surakarta Hadiningrat.

Sing aran ngelmu iku yaiku kawruh babagan batin kang ditindakake kanthi laku. Laku, tegese, dilakoni, ditindakake, diamalake ing sajroning urip. Hablum minanas, hablum minallah, tegese, gawe kabecikan marang sapedhane urip lan suyud manembah marang Gusti Allah ya Pangeran Kang Maha Agung.
Suyud manembah iku, ora mung lambene mripil fasih ngucapake sawernane dhalil lan ragane kumrembyah nindakake sembah (sembahyang),nanging uga taat nglakoni ,ngamalake apa kang dadi isine. Apa tegese kabeh iku yen tumindake nasar seneng maksiyat, neraki dhawuh pretahe Gusti. Mulane sing kena kanggo sangune mlaku mulih ing mbesuke, amale, kabecikane.

Ngelmu iku kudu dilakoni. Ngelmu sing ora dilakoni arane dudu ngelmu. Bisane nglakoni ngelmu, lekase (wiwitane) kanthi tekad kang santosa kaya kang disebutake ing tembang Pucung iku. Kanthi madhep,manteb. Yen wis bisa santosa adheping tekad, bakal bisa ngendhih angkara (setya budya pangekesing dur angkara). Pengekese = angendhih utawa anglebur. Dur (basa Jawa kuna) = ala. Angkara = sipat kang ala, drengki, srei , jil-methakil ' melik darbeking liyan, sombong, kumingsun ,srakah, sawenang-wenang lan sapanunggalane. Sawernane sing ala bisa diendhih, dilebur, disingkiri saka wis santosa tekade ing laku kautaman kanggo uripe supaya becik.

Nyingkiri utawa nglebur sipat angkara mengkono iku angel yen durung kuwat imane.Rubeda, alangan utawa gangguane ora liya kejaba anane sipat pepenginan ing awake manungsa.Sipat pengin iku pancen wis kodrat kanggo pirantining urip.Ya amarga saka anane daya pengin,wong ketarik kesengsem marang lawan jenise, ketarik pengin nggawe omah, ketarik pengin duwe kendaraan, pengin bandha donya, drajat pangkat , kepinteran lan sakehing pepinginan liyane. Mengkono iku wis dadi takdir garising urip tumrap manungsa, wis lumrah yen kebak ing rasa pengin.
Sing ora lumrah iku yen playune rasa pengin nganti nerak sarak. Yen ora bisa nyegah, meper utawa ngedhaleni napsu pengine sing keliwat-liwat ,bisa runtuh imane saka keseret angkara murkane.

Akeh tembang-tembang kuna sing mentes kebak wewarah, bisa didhudhah, doinceki, kena kanggo gegaraning urip ing nggenah.Senajan sabane Mekah, yen uripe mblangkrah ora nggenah ,ya bisa dadi dukane Gusti Allah.Senajan ora Kaji yen tumindake netepi piwulang suci, ya bisa ditampa Gusti. Senajan wong abangan, yen uripe nglakoni kautaman, ya bakal antuk papan saka Pangeran.@

(Djajus Pete, Jakarta, 03 Januari 2013).-



AJARAN KAUTAMAN


Serat Wedhatama riptane KGPAA Mangkunegara ka-IV isi piwulang kautaman. Isine dumadi saka 14 pada (bait) tembang Pangkur; 18 pada tembang Sinom ; 15 pada tembang Pucung lan 24 pada tembang Gambuh.
Ing antarane tembang Pucung kasebut, ana sapada (sabait) kanthi ukara mengkene :

lila lamun
kelangan nora gegetun
trima yen ketaman
sakserik sameng dumadi
trilegawa nalangsa srah ing bathara.

Tembang iku isi pitutur marang wong (1) lila atine , ora getun yen kelangan awit miturut piwulang suci, bandha-donya iki mung titipan, ya kagungane Pangeran sing dititipake marang manungsa, umate. Ing basa Jawa ya wis ana tetembungan : bandha kenane lunga, drajat-pangkat kenane minggat. Yen pancen wis dikersake dening Pangeran, bandha lan drajat-pagkat bisa oncat sakedheping mripat.
Lan ,ing satengahe bebrayan, akeh wong muni yen bandha-donya iku mung titipan. Fasih banget enggone ngucapake kaya wis dadi apalane lambe. Nanging bareng klakon dhuwite ilang, isih dawa rasa getun. Ngutangake dhuwit ya ngono, ora engal disaur, wis ngrasani ala, bingung olehe nagih karo nesu-nesu. Kudune rak ora mengkono wong lambene wis kulina muni yen bandha iku jare titipan.
Kudune bisa mikir, kari Gusti Allah piye sing kagungan bandha iku. Sing nesu kudune rak Gusti Alllah, ora dheweke. Yen pancen Gusti Allah ngersakake dhuwit iku ilang utawa diemplep wong...,ha ya uwis, ora perlu digetuni.

Tumrap wong sing wis jero rasane, yen wis ngeculake dhuwit diutang wong, ora nganggo ngarep-arep kapan baline.Ing nalikane ngeculake dhuwit, atine wis dipasake awit dudu dhuwite dhewe, dhuwit titipan. Dene kok ora disaur, ya kari Gusti Alllah kepiye sing kagungan dhuwit iku. kanthi ati sumeleh mengkono, ing pikir bisa padhang, ati lerem, ora gela kemrungsung...Lan ing btin uga percaya yen dhuwit sing diemplep wong iku,yen dhuwit apik-apik temenan, Pangeran wis mesthi bakal paring ijol. Embuh kanthi cara apa, lumantar dalan apa, Pangeran ora kurang dalan pring kanugrahan. Kari gumantung umate sing nampa, krasa apa ora atine yen dhuwite sing diemplep wong wis diijoli luwih akeh. Embuh saka asiling tandurane sing ndadi, duwe panenan akeh, utawa saka antuk rejeki keh sing tanpa kanyana, utawa saka dalan liyane sing bisa nekakake kabegjan.

Apamaneh kok mung barang ilang, ora digawe getun. Selagine digawe serik dening liyan, meneng wae (2) trima yen ketaman, sakserik sameng dumadi = trima atine yen digawe serik dening sapepadhane. Anane mung meneng, ora gela lan ya ora lara atine. Batine ngucap," Aku iki mung saderma urip, ana sing nguripake. Kok uripku dienyek wong, disawiyah wong,ya wis ben, Pangeran ora sare...,"mengkono pamupuse, pasrah sumarah marang Pangeran kaya kang wis kasebut ing ukara (3) trilegawa nalangsa srah bathara. (Maksude 'Bathara' = Pangeran hiya Gusti Kang Murbeng Jagad ).

Yen ana umat kang gumendhung, sawenang-wenang, nyawiyah sesamaning umat, wis mesthi ing pamburine wong kang mengkono mau bakal diwelehake dening adiling lelakon saka kuwasane Sing Gawe Urip.

Nanging apa akeh wong sing bisa nglakoni urip kaya mengkono iku? Yen kelangan ora getun, digawe serik, ora lara atine? Anaa mung sethithik banget, ya wong-wong sing wis jero pangertene ngenani dununge urip. Wong-wong sing wis bisa menep atine mengkono iku katon padhang sumringah praupane, saka beninge pikir lan rasane.Ora ana rasa getun yen kelangan jalaran wis paham yen manungsa iku ora duwe apa-apa, kabeh kang gumelar ing ngalam ndonya kagungane Pangeran.@



AJA TURU SORE KAKI


Kanggone wong Jawa , betah melek kuwi apik banget, kena kanggo tetulak barang kang sing ala lan yen awak lagi beja, bisa ketekan nugraha saka Dewa. Tembange ya wis ana, mengkene :

aja turu sore kaki
ana dewa ngangklang jagad
nyangking bokor kencanane
isine donga tetulak
sandhang klawan pangan
yaiku bageyanipun wong melek sabar narima.

Melek bengi kena kanggo nulak samubarang sing ala. Mengkono uga roh-roh jahat, jim setan brekasakan ya wedi, moh nyedhak nganggu gawe. Guyonane, bibit penyakit sing tekane wayah wengi ye emoh menclok merga wonge isih melek. Dadine, mencloke penyakit menyang wong sing lagi turu. Mulane, wong sing betah melek iku adoh saka lelara, akeh warase.
Wong betah melek sabar lan narima iku akeh bejane. Kaya ing ukarane ing tembang iku, yen ana Dewa ngangklang jagad andum rejeki ya keduman. Mulane, senenga melek wengi kareben lancar samubarange. Ing tuntunan Agama Islam uga wis nyebutake sing ana hubungane karo utamane wektu wengi, yaiku, sholata tengah wengi, tahajud. Dadi, ajarane wong Jawa jaman kuna kaya kang kasebut ing tembang iku, uga sairip karo piwulange agama. Tengah wengi ing kahanan sepi, wektu kang becik kanggo semedi,maneges,ngeningake cipta, kanggo sesambungan karo Sing Nguripi.@ (Djajus Pete ).-

PARIBASAN

WONG JAWA KARI SEPARO, CINA KARI SAJODHO

Admin krungu unen-unen utawa tetembungan mengkono iku ing nalika isih cilik, tahun 1960. Miturut kandhane wong tuwa sing ngucapake kala semana, iku tembung ramalan saka jangkane pujangga Jawa jaman biyen yen bakal ana jaman kaya mengkono > Wong Jawa kari separo Cina kari sajodho.

Ramalan iku wis tembus jer nyatane mung kari separo cacahe wong Jawa kang isih njawa. Mengkono uga Cina, kegesek saka owah - gingsire jaman, mung kari sajodho sing isih ngerti basa lan tulisan Cina sarta isih ngleluri adat tata carane Cina. @

Cathetan tembung :
jangkane pujangga = ramalane pujangga
ngeluri = nindakake tata cara kaya kang ditindake leluhure

( Djajus Pete ).-

URIP KANG NGUIRIPI

Urip iki mung saderma nglakoni,lair cenger, urip lan mati, ora saka karepe dhewe nanging saka kersane Sing Gawe Urip.

Yen bisa aja mung dadi wong urip sing mung angger urip nanging uripe bisoa NGURIPI sapepadhane. Nguripi tegese migunani. Tembunge Jawa > Asung teken marang wong kang kalunyon, asung obor marang wong kang lagi kepetengen.
Sing pinter bisoa asung wewarah marang sing bodho.
Sing gedhe bisoa ngayomi sing cilik .
Sing rosa bisoa ngayomi sing ringkih .
Sing sugih bisoa mbantu sing mlarat... lan sapanunggalane.
Yaiku sing diiarani wong kang becik. Trep karo dhawuhe Kanjeng Nabi sing mratelakake yen sing diarani wong BECIK iku, ya wong sing uripe migunani marang liyan.
Perkarane wong urip werna-werna. Ana sing peteng nalare, kepaten semangat, anane mung kepengin mati. Wong mengkono iku ora mbuiuhake pitukungan dhuwit ,sing dibutuhake pitutur becik sing bisa 'nguripake' semangate amrih bisa bali sigrak ngadhepi urip kang pancen kebak rubeda. @

( Djajus Pete )

 URIP KANG NGURIPI ( 2 )

Urip iki mung saderma nglakoni . Sugih - miskin, pinter lan bodho wis kinodrat saka garising pepenthen. Senajan bener manungsa diwenangake ikhtiyar, mbudidaya , bisa klakon lan orane apa kang digayuh hiya isih gumantung ing panguwasaning Pangeran.
Kodrat anane pinter - bodho , sugih lan miskin iku kanggo supaya wong ing ngalam ndonya iki gelem tulung-tinulung marang sapepadhane. Sing ginanjar sugih, kudu rumangsa yen ana bandha titipan darbeke wong miskin , supaya diwenehake. Mengkono uga kapinteran,ilmu utawa kawruh, ora bakal suda yen ditularake marang sing bodho. Kepara malah saya tambah kapinterane saka sihing Pangeran amrih bisa ditularake maneh.
( Dene kok ana wong-wong pinter sing kepinterane kanggo minteri, ngapusi...Titenana, wis mesthi bakal kesumpet kapinterane sing tanpa guna , bakal dadi wong sing ora kajen, nistha uripe ).

Prakara mengkono iku mesthine gampang dipahami yen wong mau gelem nggunakake weninge pikire lan landheping rasane. Ora mung mlarat wae sing aran pacoban, kasugihan ya aran pacoban, apa sing sugih mbrewu iku bisa nanjakake kasugihane kanthi bener, apa malah mendem dening kasugihane sing gawe petenging nalare. @

( Djajus Pete ).-

 

 
ADIGANG ADIGUNG ADIGUNA
 

Tegese :
Adigang = ngendelake kekuwatane
Adigung = ngendelake kaluhurane
Adiguna = ngendelake kapinterane

Tembung paribasan iku, senajan siji lan sijine tembung nduweni teges dhewe-dhewe, panganggone ing ukara digunakake bebarengan. Conto ukara > Dadi wong iku sing prasaja wae, aja kumingsun, adigang adigung adiguna.

Ing sakiwa-tengening urip iki, ing sanyatane ya akeh wong sing padha tumindak (1 ) ADIGANG > ngendelake karosane rumangsa balane akeh, gemrudug tumindak anarkhis gawe karusakan nerak pranatan. (2) ADIGUNG > Akeh pejabat ,wong pangkat sewenang-wenang nggunakake panguwasane kanggo kauntunganing pribadi utawa klompok. ADIGUNA > Akeh wong pinter sing kapintarene ora digunakake kanggo kautaman, nanging malah kanggo minteri liyan, ngapusi utawa korup.@

 

 MEMAYU HAYUNING BAWANA

memayu = tumindak becik
hayuning = rahayune = keslametane
bawana = jagad = ndonya

Memayu hayuning bawana = tumindak becik kanggo keslametaning ndonya utawa bebraryan (masyarakat).

Luwih-luwih tumrap para pangarsaning praja ( pejabat negara ) menawa padha linambaran tekat kaya mengkono enggone ngemban kuwajibane, negarane bakal tumata, adhem ayem sagung kawulane.
Nanging ora mengkono jroning kanyatan.Ora tata tentreme kawula kang diudi. Pejabat lan wakil rakyat anane mung golek mukti kanggo dhiri pribadi.@

( Djajus pete ).-

SABDA PANDHITA RATU
 

Tegese : Sabdane pandhita lan ratu iku sepisan dadi lan bakal ditetepi ( diwujudi ).
Sabda = gunem = pangucap.
Pangucape pandhita lan ratu ora bakal dipindhoni. Ngucap mung sepisan, dadi, bakal diwujudi ing pakarti. Kanthi mengkono, cundhuk antarane lathi lan pakarti. Ora ana pandhita lan ratu mencla-mencle guneme, dibolan-baleni enggone omong. Omong cukup sepisan.

Pandhita iku wong suci,mulang-wuruk ing karesikaning jiwa, manembah marang Kang Akarya Jagad. Dene ratu , wong agung kang nyekel kendhalining praja, ngereh sagung kawula. Lelorone, pandhita lan Ratu kudu kena kanggo patuladhan. Mulane, omong-saomong diati-ati banget, awit guneme pandhita lan ratu kang wis keprojol saka lesan, ora kena dibabut , kudu ditindakake. Banget dijaga lesane, aja nganti cidra ing gunem, mencla-mencle guneme. Yen guneme pandhita lan ratu mencla-mencle, ora kena digugu, bisa ora becik kedadeyane. Kejaba nggempalake kawibawan, sisib-sembire bisa ditiru kawulane.

Apa 'pandhita' jaman saiki, uga para tetuwaning agama lan 'ratu' sing ana, bisa nuhoni isi surasaning ukara > Sabda pandhita Ratu? @

Cathetan tembung :

diwujudi = diwujudkan (bs Ind)
sagung kawula = kabeh kawula
kawula = rakyat
praja = kraton = kerajaan
ngereh = mrentah = membawahi (bs Ind)
cundhuk = trep = cocog
patuladhan = tuladha = conto
keprojol = kawetu
lesan = tutuk = cangkem
cidra = mleset
kawibawan = kewibawaan ( bs Ind)
sisib sembire = kurang bejane

SADUMUK BATHUK SANYARI BUMI

 
Tembung bebasan iku tegese > Prakaran bab wanita lan lemah lumrah ditohi pati.

Jlentrehe kaya mengkene :
Tembung 'bathuk' ing ukara iku yaiku ukara pasemon (kiasan),sing dikarepake yaiku > wanita. Wanita sing dikarepake ing kene yaiku wanita garwane utawa wanita sing ditresnani. Senajan ambane bathuke iku mung sadumuk ,yen nganti direbut wong, ditohi pati.
Akeh kedadeyan prang prakara rebutan wanita, direwangi tekane pati kayadene perange Ramawijaya lawan Dasamuka sing gawe patine Dasamuka kang nyidra Dewi Shinta ( garwane Ramawijaya). Patine Pranacitra ya amarga nglabuhi Rara Mendut, pacare sing digawa menyang Mataram dening Tumenggung Wiroguna. Asale Rara Mendut saka kadhipaten Pati.

Bumi, senajan ambane mung sanyari,yen nganti direbut wong, ya dibelani tekan pati awit bumi apadene wanita darbeke ana sambunge karo harga dhiri. Mulane yen ana kedadeyan rebutan prakara lemah ora rampung-rampung karo nggawa gegaman, mati bacokan ditekati. Uga sawijining negara, akeh pahlawan gugur mbelani bumine sing dijarah penjajah. @

Cathetan tembung :
sadumuk = saambane dumukan. (Lumrahe sing dienggo ndumuk iku driji panuding. Sadumuk = saambane pucuk driji panuding )
sanyari = sambane telung driji, watara 5 - 6 Cm.
ditohi pati = ditotohi pati = ora wedi mati.
nyidra = ngrebut sarana nyolong.

( Djajus Pete ).-

 YATNA YUWANA LENA KENA
Tegese : Prayitna njalari slamet, sembrana njalari cilaka.

yatna = prayitna
yuwana = slamet

Ukara tinggalane embah-embahe wong Jawa mengkono iku bener banget. Wong kudu tansah waspada enggone nglakoni urip amrih uripe bisa slamet. Yen sembrana nerak-nerak lakune bakal nemoni bilahi. Mengkono iku wis mesthi, elinga marang unen-unen yen wong urip ngundhuh wohing pakarti. Wong, slamet utawa ora, beja utawa ora, ya saka tumindake dhewe.

Nanging lumrahe wong urip, yen nemoni bilahi utawa nemoni lelakon sing ora kepenak, akeh-akehe nyalahake wong liya, ora gelem metani awake dhewe. Apa enggone cilaka iku ora saka ngundhuh pakartine dhewe? @

( Djajus Pete ).-

AJA DUMEH


Senajan tembung "Aja Dumeh' iku mung cekak, nanging mentes nduweni teges sing jero bisa nggepok rasa. Tembung iku bisa kanggo ngelingake wong yen enggone urip ing ngalam ndonya iki kudu bisa rumangsa, ora kok rumangsa bisa.
Kudu 'bisa rumangsa' tegese, kudu ngerti yen sawernane kaluwihan sing didarmeni manungsa : pinter ; ayu ; bagus ; sugih ; duwe drajat lan pangkat asale saka kamurahane Pangeran hiya Kang Akarya Jagad. Wong kudu bisa nlusur kaya mengkono, saka ngendi asale sawernane kaluwihan iku.

Seje karo wong sing ora bisa nlusur saka cetheking pikir lan rasane, ngertine 'rumangsa bisa'. Sakehing kaluwihan diaku saka awake dhewe, saka pinter-pintere dhewe, saka sugih-sugihe dhewe. Kanggonan drajat - pangkat duwe panguwasa, saka rumangsane, ya saka awake dhewe. Wong sing kaya mengkono iku, sok banjur gumedhe, angkuh, sombong, ngina nyepelekake wong-wong sing ana ing sangisore.

Apa tegese tembung DUMEH ?
Dumeh, tegese : amarga utawa jalaran.
Amarga sugih, banjur sombong ; angkuh.
Jalaran sugih, banjur sombong ; angkuh

Aja dumeh sugih, banjur ngina wong mlarat.
Aja dumeh pinter,banjur ngina sing bodho.
Aja dumeh dadi polisi, banjuir kemlinthi.
Aja dumeh dadi Menteri, pethuk tilas kancane sekolah ethok-ethok lali.

Kanggone wong Jawa sing durung ilang jawane, ngerti tegese tembung 'aja dumeh' iku. Kok awake dielokake wong nganggo tembung 'aja dumeh', atine wis krasa, senajan ukarane ora dibacutake.
Umpamane, ana tentara sing mentas njotosi tanggane, senajan klerune tanggane iku mau ora sepiraa.Sing dijotosi ora wani males, wedi mungsuh tentara sing duwe pistul. Pakdhene sing dadi tentara iku, marani dheweke, dielokake nganggo tembung kaya mengkene, " Sing apik,ah, karo tanggane....mBok-aja dumeh."
Sing dielokake nganggo tembung 'aja dumeh' mengkono iku, bisa krasa atine senajan ukarane Pakdhene ora dibacutake... ( Aja dumeh dadi tentara, gampang njotosi wong merga sing dijotosi ora bakal wani males ). *

( Djajus Pete ).-

Aja cupet ing nalar, srengenge isih padhang kencar-kencar..

 Jagad ora mung sagodhong kelor.
Jagad ora mung sagodhong kelor ksb ungkapan (idiom) bs Jawa ingkang ngemutaken amrih tiyang mboten kelajeng nglumpruk putus asa.Elinga yen jagad iki amba,kena kanggo ndandani nasib,wong kudu tetep optimis.Emanipun kathah anak turune wong Jawa sing ora dhong tetembungan tinggalane embah-embahe wong Jawa.


PARIBASAN lan BEBASAN

Tumrap wong sing ora ngerti, paribasan lan bebasan iku dianggep padha, ing mangka ana bedane.
Paribasan, yaiku > tetembungan gumathok, ajeg panganggone kanthi tegese wantah. Gumathok tegese 'tertentu', ora kena diowah tembunge. Tembung wantah = tembung lugas = tembung salugune ( dudu tembung sanepan utawa kiasan ).
Conto paribasan :

(1) Adhang-adhang tetesing ebun.
Tegese : Ngarep-arep paweweh sing durung karuwan tekane.
Ebun iku tembung wantah ( dudu ebun tembung sanepan ), ebun ora mesthi yen tumetes, dadi ora kena dijagakake.

(2) Ana dina ana upa.
Tegese : Wong sing ora nguwatirake pangan.
Upa iku tembung wantah (dudu upa tembung sanepan ) nanging upa temenan aliyas sega.

Bebasan, yaiku, tetembungan gumathok, ajeg panganggone mawa surasa pepindhan kanggo madhakake.
Conto bebasan :

(1) Anak-anak timun.
Tegese : Ngepek anake liyan ,bareng wis gedhe banjur dialap bojo.
Tembung 'timun' ing kene, tembung sanepan (kiasan) kanggo sanepane anake liyan sing diepek iku. Diepek bojo padha karo 'timun' iku dipangan.
Jlentrehe : Bocah wadon cilik seneng dolanan anak-anakan, digendhong slendhang. Sing sok dienggo anak-anakan iku timun. Biyasane, yen enggone dolanan wis bosen, timune terus diipangan. Ya saka iku banjur ana tembung bebasan kaya mengkono > Anak-anak timun.
Wong lanang, senajan wis duwe bojo, yen mupu anake wong wiwit cilik, bareng gedhe terus 'diemplok dhewe ' iku arane ya > Anak-anak timun.

(2) Baladewa ilang gapite.
Tegese : Tanpa daya jalaran ilang kekuwatane.
Tokoh wayang kulit Baladewa , ratu Mandura, dedege gedhe dhuwur, gagah prakasa , watake keras gampang muntap yen tersinggung ( temperamental ). Nanging yen wayang Baladewa iku ilang gapite, wis mesthi nglumruk kaya ora duwe daya.
Baladewa nglumrpuk ilang gapite iku sanepane wong kelangan kekuwatan. Sing aran kekuwatan bisa nduweni teges sing omber (luas). Kena uga kanggo ngarani wong kang kuwat merga duwe jabatan dhuwur, dadi panguwasa . Nanging bareng pensiyun, ilang kuwasane, nglimpruk kelangan daya kaya Baladewa ilang gapite. @

( Djajus Pete ).-

ABANG-ABANG LAMBE

Tembung paribasan (peribahasa), iku, tegese > samudana ; lelamisan.

Apa tegese paribasan gampang bisa diapalake, saka piwulange
guru utawa saka enggone maca ing buku. Nanging guru sing sekolahan lan buku-buku akeh sing ora nerangake kanthi jlentreh, kepiye nalare ukara paribasan iku kok nduweni teges > samudana ; lelamisan. Adate, murid ya mung ngapalake artine kanggo njawab soal-soal yen ana pitakonan soal ing ulangan utawa ujian.
Nanging sing luwih apik, wong iku, ora mung apal thok ing lambene, nanging uga ngerti larah-larahe. Yen ngerti, pangertene bisa manteb, bisa nges tekan jroning ati lan pikire.

Jlentrehe paribasan iku, mengkene :
Kabeh lambe sing warnane abang, iku saka abange gincu, benges utawa lipstik (pemerah bibir). Dadi, warna abang ing lambe iku mung abang pulasan, mung saka olesane lipstik sing bisa luntur,bisa ilang.
Mengkono iku didadekake paribasan, kanggo ngarani wong sing omonge mung ethok-ethok (pura-pura) omonge mung lelamisan (hanya manis di bibir). Paribasan, yaiku , tetembungane gumathok,ajeg panganggone lan nduweni teges wantah. (Susunan kalimatnya sudah tertentu, tidak boleh dirubah dan mengandung arti lugas ).

wantah = lugu = lugas (sebenarnya) ; lambe abang iku bener-bener diolehi abange lipstik. Beda karo tembung 'gedhe endhase' sing nduweni makna kiasan (besar kepala) sing tegese > sombong ; angkuh ; kumakungkung.

Conto :
Ing wayah kampanye, kabeh politikus pating pethentheng omong ing panggung nanging unine mung abang-abang lambe. Jare arep mbrantas korupsi. Bareng dadi anggota Dewan, malah ya korupsi. Dadi, enggone tau omong nalika kampanye kae mung abang-abang lambe. (Mung kareben katon manis lambene). Jebule munafik!

Ora kabeh tembung 'abang-abang lambe' nduweni teges negatif, gumantung ing ukarane, senajan bener tembung iku nduweni teges samudana utawa lelamisan. Umpamane, ana wong lanang omong ing warung yen bojone ing omah awake kesel, mulih saka lelungan. Banjur ana wong takon," Kesel kok mboktinggal marung, ya dipijeti no?"
Diwangsuli," Wis takpijeti,terus taktinggal metu," wangsulane mung kanggo abang-abang lambe awit sabenere bojone ya ora dipijeti. Malah ing selawase urip ora tau mijeti bojone. Olehe wangsulan mengkono iku mung kanggo patut-patute wong omong, mung kanggo pemanis kata-kata. Mengkene iki jelas ora nduweni teges kang negatif.@

(Djajus Pete),-

GIRI LUSI JANMA TAN KENA INGINA.

giri = gunung
lusi = cacing
janma = wong ; menungsa
tan = ora
tan kena ingina = ora kena diina (disepelekake)

Selagine cacing wae bisa tekan pucuk gunung, apamaneh manungsa, ya mesthi bisa tekan pucuk gunung. Merga ing pucuk gunung ana lemah sing dadi papane cacing.
Tegese paribasan iku > wong ora kena diina ; ora kena disepelekake.*



JEMBAR SEGARANE

Jembar segarane,tegese, sugih pangapura. Kepiye nalare dene wong kang sugih pangapura kasebut jembar segarane?

Jlentrehe mengkene :
Kabeh iline banyu kali anjoge menyang segara. Ing mangka kabeh kali ana sarahe sing katut iline banyu. Wujude sarah werna-werna, ana gedebog, pang-pang garing lan gegodhongan, plastik-plastik lan rerusuh apa wae. Merga iline banyu kali nggawa sarah, wong banjur mikir , mbayangake , segara mesthi kotor, rusuh, saka akehe sarah saka kali-kali sing mlumpuk segara.

Jebul ora mengkono. Ing sajembare segara ora ana sarah. Banyu segara resik awit sakehing sarah dibuwang dening gemulunge ombak menyang pesisir. Mengkono iku dadi sanepane wong sing sugih pangapura, kaluputane wong-wong sing tumanduk marang awake bisa dibuwang. Kaluputane wong ora dieling-eling, dilalekake kaya wis dibuwang, diapura.
Seje karo wong pendhendham sing ora bisa nyepura salahe wong, anane mung gela, mangkel, getem-getem...panas jroning ati. Menawa atine kasanepakake wujud banyu, tansah butheg ora bisa bening resik kaya atine wong kang sugih pangapura. *

(Djajus Pete).-


WONG BODHO KALAH KARO WONG PINTER.
WONG PINTER KALAH KARO WONG BEJA.


Yaiku adiling Pangeran, Gusti kang murbeng jagad kang nguwasani lan nguripake sakehing titah. Nyata yen Pangeran iku Maha Welas lan Maha Asih.


Bodho lan pinter, menawa digagas, asale uga saka Pangeran awit wong kedunungan kemanpuan pikir sing beda-beda. Ana sing tinitah pinter, encer utege lan uga ana sing tinitah kethul pikire
aliyas bodho.
Wong bodho pancen kalah karo wong pinter. Nanging menawa si bodho iku kedunungan beja saka sihing 


Pangeran, sing pinter bisa kalah. Kanthi mengkono cetha yen wong pinter kalah karo wong beja. Mulane dadi wong urip aja kemrungsung njagakake kepenak saka kepinteran sing diduweni, bisa mleset. Senajan mengkono, wong diwajibake sinau ngudi kawruh kanggo ngoyak kapinteran awit pinter iku luwih becik tinimbang bodho. Prakara kedunungan beja apa ora, iku urusane Pangeran awit Pangeran sing wenang nibakake kabegjan marang umate.

(Djajus Pete).-


Paribasan :
YATNA YUWANA LENA KENA

yatna = prayitna (waspada)
yuwana = slamet (selamat)
lena = sembrana (ceroboh)
kena = kena (terkena)

Tegese > Sing waspada bakal nemoni slamet, sing sembrana bakal nemoni cilaka. Apamaneh ing jaman saiki, jamane saya kisruh, akeh godha samarga-marga sing kebak pangiming-iming kanikmatan ndonya, sing eling bisa katut sing lali kegawa saka rasa kemrungsung, ora bisa meper atine.

Cathetan :
samarga-marga = sadalan-dalan
meper = nyegah = nahan.

SANEPA

MATUN

Ing sela-selane tanduran pari ing sawah wis mesthi thukul anane suket-suket . mBabuti suket-suket ing antarane tanduran pari iku arane matun. Pari sanepane becik. Suket sanepane ala. Suket-suket sing ala iku ora mung melu mangan rabuk nanging uga bisa ngganggu uripe pari.Yen sukete lemu,parine mesthi kuru. Yen suket-sukete dibuwang, parine bisa lemu awit rabuk sing ana mung dipangan pari. Kanthi mengkono bisa disebutake yen 'mbuwang ala' bakal nemu becik (becike tanduran pari sing lemu).

Matun iku kena kanggo sanepan tumrape wong urip. Wong yen seneng mbuwangi pakarti sing ala (sing ala-ala ora dilakoni) uripe ati bakal bisa becik kaya tanduran pari sing lemu iku, bisa ngetokake woh kang mentes.
Suket kang ala ing sela-selane tanduran pari iku ya mangan rabuk. Mengkono uga pakarti ala kang dilakoni wong, ya mangan daya kang ana ing awake wong. Yen daya ing awake wong mung dipangan pakarti sing apik-apik wae (merga pakarti ala wis dibuwangi, ora dilakoni ), apike bisa saya lemu.Tegese, wong wis madhep-mantep lan saya seneng nindakake kabecikan utawa kautaman. Ati kang kebak ing laku becik, nuwuhake rasa kang adhem, padhang sumringah polatane ngemu cahya kang sumorot. Seje karo wong sing jail-methakil seneng nerak sarak,laku cidra, seneng nindakake pakarti kang ala,maksiyat, polatane butheg ora bisa sumringah bening.

Dadi,wose, sinau kuwi ora mung saka maca buku lan ngrungokake pitutur becik, nanging uga bisa sinau saka alam, saka anane wong matun iku mau, bisane oleh panenan pari kang becik kanthi mbuwangi suket sing ala. (1) Sapa sing mbuwang ala, bakal nemu becik. (2) Sapa sing mbuwang becik bakal nemu ala.
Coba yen pari sanepane becik dibuwangi, wis mesthi suket sanepane ala bakal saya lemu ndrebala . Kanggone wong sing bisa mikir lan ngrasak-ngrasakake ,apa kang katon ing gumelare alam iki nyata kebak piwulang sing kena disinaoni kanggo sanguning nglakoni urip kang becik.@

(Djajus Pete).-


KONANG kang metu swuse srengenge angslup, ngira yen dheweke sing bisa madhangi jagad.Nanging sawuse lintang-lintang abyor sumunar, rasa kumingsune konang banjur ilang. Saiki lintang kang duwe panganggep yen dheweke sing madhangi jagad.Ora antara suwe rembulan ngatonake cahyane, lintang-lintang dadi surem, isin ngungalake awake maneh. Wusana rembulan kang rumangsa kuwasa madhangi jagad. Nanging suwening-suwe srengenge mlethek lan rembulan katon pucet, embuh menyang endi ilange cahyane rembulan kang padhang njingglang iku mau.

Mengkono uga manungsa, menawa duwe watak kumingsun,lagi ngerti yen wis ketanggor kaya sanepan ing pralambange kodrat (alam) kaya ing ndhuwur iku.
Pitutur iku kena kanggo sangu leladi jroning nglakoni urip ing satengahe babrayan (masyrakat). Leladi ing prakara iki, tegese, nyuguhake utawa ngatonake patrap sing becik marang sapepadhane wong. Kanthi patrap andhap-asor, ora sombong angkuh, nganggep awake dhewe sing luwih hebat. Ora mung ing bab kasugihan bandha donya, nanging uga drajat-pangkat lan kapinteran. Sasugih-sugihe wong, sapinter-pintere wong, isih ana sing ngungkuli. Di atas langit ada langit.@

Cathetan :
kumingsun = sombong = angkuh
ngungqalake awake = membusungkan dada
sanepan = ibarat = pralambang
andhap asor = merendahkan diri ; ramah tamah

(Djajus Pete, Jakarta, 3 Januari '13 ).-



DUREN
Wong golek bojo jaman saiki,beda karo jaman biyen. Biyen, kenal wae ora, wong tuwa sing nggolekake. Jaman saiki, golek bojo kaya wong tuku duren.

Luwih dhisik, nyawang-nyawang duren sing arep dituku. Yen wis ana sing dicocogi, duren dicandhak, diomba-ambu. Yen ngganda seger, kaya ora sabar kepengin ngicipi. Duren dicucuk arit, mlekah, didulit ,dirasakake klomat-klamet. Yen krasa enak, diterusake nggethu...
Mangka duren kuwi mau durung didhuwiti lan bakule duren ya ora nggatekake. Merga bakule ora weruh, yen sing ngicipi duren iku klebu wong nakal, wonge bisa terus ngglibet, embuh parane.... Nanging yen wong apik-apik, niyat golek duren temenan, ya terus didhuwiti.



DHOKAR

Dhokar iku dumadi saka JARAN, GROBAG lan KUSIR.
Ya mengkono iku sanepane wong urip. Jaran sanepane napsu. Grobag sanepane raga. Kusir sanepane ati.
Lakune dhokar iku, kepenak lan orane, gumantung ing kusire. Yen kusire trampil enggone nyekel kendhali ,playune jaran nggeret dhokar bisa ngingklik kepenak nurut dalan sing bener.
Nanging yen kusire ora trampil, kalah bisa dening nakale jaran, ora wurung playune mbandhang nerak-nerak,nabrak-nabrak ora weruh pager, ora weruh kalen lan ora weruh jurang jero sing bisa nyilakani.
Ora wurung cilaka. Ora mung dhokare sing ringseg, kusire uga katut sengsara..

Ya mengkono iku sanepane wong urip sing kanggonan napsu, supaya slamet uripe ,kudu bisa ngereh napsu utawa jarane saumpama dhokar. Jaran, arepa dikaya ngapa nakale, yen kusire pinter, trampil, jaran bisa lulut, manut kusire.*

(Djajus Pete, Jakarta, 2013)


1) KEBO KUMPUL lan KUMPUL KEBO
(2) KYAI MAMBU lan MAMBU KYAI

Ukara-ukra iku mung beda digeser ngarep mburi tembunge,nanging nduweni teges sing adoh bedane.

Kebo kumpul : yen metu gudele, alhamdulillah, ya iku sing dienteni, bathine sing ngopeni, ngeritake saben dina.
Kumpul kebo : yen metu 'gudele' astaqfirulllah.... Mesthi wae kangelan golek akte surat kelahiran sing nguruse kudu nganggo foto copi surat nikahe wong tuwane, ing mangka wong tuwane ora tau duwe akte nikah.

Kyai mambu : Kyai sing tumindake nasar, maksiyat, nerak wewalering agama nganti jenenge mambu ora enak. (mambu = bau busuk).
Mambu Kyai : Dudu kyai nanging tumindake kaya Kyai, lire, seneng nindakake kautaman lan banget taat nindakake prentah-prentahing agama. (DP)