Saturday 12 January 2013

GEGURITAN

E L A K O N

ana randha ayu moblong
nyangking koper menyang hongkong
luru sandhang pangan
kanggo anake ing padesan
blitar, jawa tumur
bale somahe ambyar, atine ajur
o, lelakon
kaping pindho atine ketaton
oleh pacar mung seneng kelon

surabaya nyimpen sacuwil crita
pacare nggantheng duweke wong liya
saya nelangsa kelara-lara
mangkat lunga luru tamba.*

( Djajus Pete ).-



Guritan :
K L A N G E N A N

manuk klangenanku
mabur adoh parane
isih takrungu cetha ocehe
saka penclokane panging kekayon
nepusi alang - ujuring lelakon

creweting ocehe rina lan wengine
dumeling ora ana kendhate
sigrak pencolotan ing panging ati
ngangeni.

Cathetan :
Guritan ( puisi ) ora mung ngrakit ukara kang endah, edi peni, nanging sing luwih penting, guritan kudu duwe 'gaung' utawa 'gema' makna. Ora tegese tetembungan endah yen mung kothong tanpa teges. Nanging gaung makna sing mmuncul saka guritan ora mesthi padha ing penangkepane pemaos siji lan sijine. Bisa beda-beda imajinasine enggone negesi, gumantung ing rasa senine dhewe-dhewe. Lan uga bisa beda karo imajinasine penulise. Mula guritan utawa puisi iku subyektif. Beda karo karya gancaran (prosa) asifat obyektip.

Gaung utawa gema sing kepiye kang keprungu ing guritan iku? Apa manuk kang ucul ing guritan iku simbole kakasih kang pedhot ? Nuwuhake rasa kangen saka tresnane ? Nyumanggakake.

( Djajus Pete ).-


 
TAN BISA GINANTI

Tan kinira bombong sukamulyèng kalbu
Kinurmat sih tresnaning jalu
Nadyan tebih ing sabrangan niku
Kinèn ingong darana ing pangantu

Angling mijil manis memalatsih
Mring sekaring néndra pujan kinasih
Ing karna kapyarsa aris angarih-arih
Anyles karasa nadyanta papannya tebih

Kakang Andy, jejermu datan bisa ginanti
Nadyan kèh mitramu samya angantri
Datan ana sajuga kang mambu ati
Suthik nampi jalaran padha dora ngapusi

Mandragini, énjing 030113
Biyung Amie Williams



KEKESING RATRI

Kekesing wengi keket ngemuli ati
Tan gelem lepas saginggang rikma
Mepes sedya nedya nyarik ukara
Dhedhel binuntel sekel temah cuthel

Arsa kule dereng karasa arip
Thenguk-thenguk kelap-kelop
Milang lintang kang samya kumelip
Kasawang katon abyor sumorot

Miber ing gegana ngungak wiyati
Cekelan mega kekanthi samirana
Niling karna maspaos netra lan rasa
Sapa ngreti ana Dewa lagi rondha

Necep salwiring kawruh kaswargan
Ngudi sareh sabar darana sanyata
Tebih rasa kemrungsung brangasan
Rasa mulya hening ngeneb driya

Sidhem jinem kule ing mandragini
Rep-sirep sakehing rasa pangrasa
Dhedhep tidhem sawegung ratri
Sumeleh angga rineksa Hyang Suksma

Mandragini, ratri 060113
Biyung Amie Williams

No comments:

Post a Comment