Saturday, 12 January 2013

PARIBASAN

WONG JAWA KARI SEPARO, CINA KARI SAJODHO

Admin krungu unen-unen utawa tetembungan mengkono iku ing nalika isih cilik, tahun 1960. Miturut kandhane wong tuwa sing ngucapake kala semana, iku tembung ramalan saka jangkane pujangga Jawa jaman biyen yen bakal ana jaman kaya mengkono > Wong Jawa kari separo Cina kari sajodho.

Ramalan iku wis tembus jer nyatane mung kari separo cacahe wong Jawa kang isih njawa. Mengkono uga Cina, kegesek saka owah - gingsire jaman, mung kari sajodho sing isih ngerti basa lan tulisan Cina sarta isih ngleluri adat tata carane Cina. @

Cathetan tembung :
jangkane pujangga = ramalane pujangga
ngeluri = nindakake tata cara kaya kang ditindake leluhure

( Djajus Pete ).-

URIP KANG NGUIRIPI

Urip iki mung saderma nglakoni,lair cenger, urip lan mati, ora saka karepe dhewe nanging saka kersane Sing Gawe Urip.

Yen bisa aja mung dadi wong urip sing mung angger urip nanging uripe bisoa NGURIPI sapepadhane. Nguripi tegese migunani. Tembunge Jawa > Asung teken marang wong kang kalunyon, asung obor marang wong kang lagi kepetengen.
Sing pinter bisoa asung wewarah marang sing bodho.
Sing gedhe bisoa ngayomi sing cilik .
Sing rosa bisoa ngayomi sing ringkih .
Sing sugih bisoa mbantu sing mlarat... lan sapanunggalane.
Yaiku sing diiarani wong kang becik. Trep karo dhawuhe Kanjeng Nabi sing mratelakake yen sing diarani wong BECIK iku, ya wong sing uripe migunani marang liyan.
Perkarane wong urip werna-werna. Ana sing peteng nalare, kepaten semangat, anane mung kepengin mati. Wong mengkono iku ora mbuiuhake pitukungan dhuwit ,sing dibutuhake pitutur becik sing bisa 'nguripake' semangate amrih bisa bali sigrak ngadhepi urip kang pancen kebak rubeda. @

( Djajus Pete )

 URIP KANG NGURIPI ( 2 )

Urip iki mung saderma nglakoni . Sugih - miskin, pinter lan bodho wis kinodrat saka garising pepenthen. Senajan bener manungsa diwenangake ikhtiyar, mbudidaya , bisa klakon lan orane apa kang digayuh hiya isih gumantung ing panguwasaning Pangeran.
Kodrat anane pinter - bodho , sugih lan miskin iku kanggo supaya wong ing ngalam ndonya iki gelem tulung-tinulung marang sapepadhane. Sing ginanjar sugih, kudu rumangsa yen ana bandha titipan darbeke wong miskin , supaya diwenehake. Mengkono uga kapinteran,ilmu utawa kawruh, ora bakal suda yen ditularake marang sing bodho. Kepara malah saya tambah kapinterane saka sihing Pangeran amrih bisa ditularake maneh.
( Dene kok ana wong-wong pinter sing kepinterane kanggo minteri, ngapusi...Titenana, wis mesthi bakal kesumpet kapinterane sing tanpa guna , bakal dadi wong sing ora kajen, nistha uripe ).

Prakara mengkono iku mesthine gampang dipahami yen wong mau gelem nggunakake weninge pikire lan landheping rasane. Ora mung mlarat wae sing aran pacoban, kasugihan ya aran pacoban, apa sing sugih mbrewu iku bisa nanjakake kasugihane kanthi bener, apa malah mendem dening kasugihane sing gawe petenging nalare. @

( Djajus Pete ).-

 

 
ADIGANG ADIGUNG ADIGUNA
 

Tegese :
Adigang = ngendelake kekuwatane
Adigung = ngendelake kaluhurane
Adiguna = ngendelake kapinterane

Tembung paribasan iku, senajan siji lan sijine tembung nduweni teges dhewe-dhewe, panganggone ing ukara digunakake bebarengan. Conto ukara > Dadi wong iku sing prasaja wae, aja kumingsun, adigang adigung adiguna.

Ing sakiwa-tengening urip iki, ing sanyatane ya akeh wong sing padha tumindak (1 ) ADIGANG > ngendelake karosane rumangsa balane akeh, gemrudug tumindak anarkhis gawe karusakan nerak pranatan. (2) ADIGUNG > Akeh pejabat ,wong pangkat sewenang-wenang nggunakake panguwasane kanggo kauntunganing pribadi utawa klompok. ADIGUNA > Akeh wong pinter sing kapintarene ora digunakake kanggo kautaman, nanging malah kanggo minteri liyan, ngapusi utawa korup.@

 

 MEMAYU HAYUNING BAWANA

memayu = tumindak becik
hayuning = rahayune = keslametane
bawana = jagad = ndonya

Memayu hayuning bawana = tumindak becik kanggo keslametaning ndonya utawa bebraryan (masyarakat).

Luwih-luwih tumrap para pangarsaning praja ( pejabat negara ) menawa padha linambaran tekat kaya mengkono enggone ngemban kuwajibane, negarane bakal tumata, adhem ayem sagung kawulane.
Nanging ora mengkono jroning kanyatan.Ora tata tentreme kawula kang diudi. Pejabat lan wakil rakyat anane mung golek mukti kanggo dhiri pribadi.@

( Djajus pete ).-

SABDA PANDHITA RATU
 

Tegese : Sabdane pandhita lan ratu iku sepisan dadi lan bakal ditetepi ( diwujudi ).
Sabda = gunem = pangucap.
Pangucape pandhita lan ratu ora bakal dipindhoni. Ngucap mung sepisan, dadi, bakal diwujudi ing pakarti. Kanthi mengkono, cundhuk antarane lathi lan pakarti. Ora ana pandhita lan ratu mencla-mencle guneme, dibolan-baleni enggone omong. Omong cukup sepisan.

Pandhita iku wong suci,mulang-wuruk ing karesikaning jiwa, manembah marang Kang Akarya Jagad. Dene ratu , wong agung kang nyekel kendhalining praja, ngereh sagung kawula. Lelorone, pandhita lan Ratu kudu kena kanggo patuladhan. Mulane, omong-saomong diati-ati banget, awit guneme pandhita lan ratu kang wis keprojol saka lesan, ora kena dibabut , kudu ditindakake. Banget dijaga lesane, aja nganti cidra ing gunem, mencla-mencle guneme. Yen guneme pandhita lan ratu mencla-mencle, ora kena digugu, bisa ora becik kedadeyane. Kejaba nggempalake kawibawan, sisib-sembire bisa ditiru kawulane.

Apa 'pandhita' jaman saiki, uga para tetuwaning agama lan 'ratu' sing ana, bisa nuhoni isi surasaning ukara > Sabda pandhita Ratu? @

Cathetan tembung :

diwujudi = diwujudkan (bs Ind)
sagung kawula = kabeh kawula
kawula = rakyat
praja = kraton = kerajaan
ngereh = mrentah = membawahi (bs Ind)
cundhuk = trep = cocog
patuladhan = tuladha = conto
keprojol = kawetu
lesan = tutuk = cangkem
cidra = mleset
kawibawan = kewibawaan ( bs Ind)
sisib sembire = kurang bejane

SADUMUK BATHUK SANYARI BUMI

 
Tembung bebasan iku tegese > Prakaran bab wanita lan lemah lumrah ditohi pati.

Jlentrehe kaya mengkene :
Tembung 'bathuk' ing ukara iku yaiku ukara pasemon (kiasan),sing dikarepake yaiku > wanita. Wanita sing dikarepake ing kene yaiku wanita garwane utawa wanita sing ditresnani. Senajan ambane bathuke iku mung sadumuk ,yen nganti direbut wong, ditohi pati.
Akeh kedadeyan prang prakara rebutan wanita, direwangi tekane pati kayadene perange Ramawijaya lawan Dasamuka sing gawe patine Dasamuka kang nyidra Dewi Shinta ( garwane Ramawijaya). Patine Pranacitra ya amarga nglabuhi Rara Mendut, pacare sing digawa menyang Mataram dening Tumenggung Wiroguna. Asale Rara Mendut saka kadhipaten Pati.

Bumi, senajan ambane mung sanyari,yen nganti direbut wong, ya dibelani tekan pati awit bumi apadene wanita darbeke ana sambunge karo harga dhiri. Mulane yen ana kedadeyan rebutan prakara lemah ora rampung-rampung karo nggawa gegaman, mati bacokan ditekati. Uga sawijining negara, akeh pahlawan gugur mbelani bumine sing dijarah penjajah. @

Cathetan tembung :
sadumuk = saambane dumukan. (Lumrahe sing dienggo ndumuk iku driji panuding. Sadumuk = saambane pucuk driji panuding )
sanyari = sambane telung driji, watara 5 - 6 Cm.
ditohi pati = ditotohi pati = ora wedi mati.
nyidra = ngrebut sarana nyolong.

( Djajus Pete ).-

 YATNA YUWANA LENA KENA
Tegese : Prayitna njalari slamet, sembrana njalari cilaka.

yatna = prayitna
yuwana = slamet

Ukara tinggalane embah-embahe wong Jawa mengkono iku bener banget. Wong kudu tansah waspada enggone nglakoni urip amrih uripe bisa slamet. Yen sembrana nerak-nerak lakune bakal nemoni bilahi. Mengkono iku wis mesthi, elinga marang unen-unen yen wong urip ngundhuh wohing pakarti. Wong, slamet utawa ora, beja utawa ora, ya saka tumindake dhewe.

Nanging lumrahe wong urip, yen nemoni bilahi utawa nemoni lelakon sing ora kepenak, akeh-akehe nyalahake wong liya, ora gelem metani awake dhewe. Apa enggone cilaka iku ora saka ngundhuh pakartine dhewe? @

( Djajus Pete ).-

AJA DUMEH


Senajan tembung "Aja Dumeh' iku mung cekak, nanging mentes nduweni teges sing jero bisa nggepok rasa. Tembung iku bisa kanggo ngelingake wong yen enggone urip ing ngalam ndonya iki kudu bisa rumangsa, ora kok rumangsa bisa.
Kudu 'bisa rumangsa' tegese, kudu ngerti yen sawernane kaluwihan sing didarmeni manungsa : pinter ; ayu ; bagus ; sugih ; duwe drajat lan pangkat asale saka kamurahane Pangeran hiya Kang Akarya Jagad. Wong kudu bisa nlusur kaya mengkono, saka ngendi asale sawernane kaluwihan iku.

Seje karo wong sing ora bisa nlusur saka cetheking pikir lan rasane, ngertine 'rumangsa bisa'. Sakehing kaluwihan diaku saka awake dhewe, saka pinter-pintere dhewe, saka sugih-sugihe dhewe. Kanggonan drajat - pangkat duwe panguwasa, saka rumangsane, ya saka awake dhewe. Wong sing kaya mengkono iku, sok banjur gumedhe, angkuh, sombong, ngina nyepelekake wong-wong sing ana ing sangisore.

Apa tegese tembung DUMEH ?
Dumeh, tegese : amarga utawa jalaran.
Amarga sugih, banjur sombong ; angkuh.
Jalaran sugih, banjur sombong ; angkuh

Aja dumeh sugih, banjur ngina wong mlarat.
Aja dumeh pinter,banjur ngina sing bodho.
Aja dumeh dadi polisi, banjuir kemlinthi.
Aja dumeh dadi Menteri, pethuk tilas kancane sekolah ethok-ethok lali.

Kanggone wong Jawa sing durung ilang jawane, ngerti tegese tembung 'aja dumeh' iku. Kok awake dielokake wong nganggo tembung 'aja dumeh', atine wis krasa, senajan ukarane ora dibacutake.
Umpamane, ana tentara sing mentas njotosi tanggane, senajan klerune tanggane iku mau ora sepiraa.Sing dijotosi ora wani males, wedi mungsuh tentara sing duwe pistul. Pakdhene sing dadi tentara iku, marani dheweke, dielokake nganggo tembung kaya mengkene, " Sing apik,ah, karo tanggane....mBok-aja dumeh."
Sing dielokake nganggo tembung 'aja dumeh' mengkono iku, bisa krasa atine senajan ukarane Pakdhene ora dibacutake... ( Aja dumeh dadi tentara, gampang njotosi wong merga sing dijotosi ora bakal wani males ). *

( Djajus Pete ).-

Aja cupet ing nalar, srengenge isih padhang kencar-kencar..

 Jagad ora mung sagodhong kelor.
Jagad ora mung sagodhong kelor ksb ungkapan (idiom) bs Jawa ingkang ngemutaken amrih tiyang mboten kelajeng nglumpruk putus asa.Elinga yen jagad iki amba,kena kanggo ndandani nasib,wong kudu tetep optimis.Emanipun kathah anak turune wong Jawa sing ora dhong tetembungan tinggalane embah-embahe wong Jawa.


PARIBASAN lan BEBASAN

Tumrap wong sing ora ngerti, paribasan lan bebasan iku dianggep padha, ing mangka ana bedane.
Paribasan, yaiku > tetembungan gumathok, ajeg panganggone kanthi tegese wantah. Gumathok tegese 'tertentu', ora kena diowah tembunge. Tembung wantah = tembung lugas = tembung salugune ( dudu tembung sanepan utawa kiasan ).
Conto paribasan :

(1) Adhang-adhang tetesing ebun.
Tegese : Ngarep-arep paweweh sing durung karuwan tekane.
Ebun iku tembung wantah ( dudu ebun tembung sanepan ), ebun ora mesthi yen tumetes, dadi ora kena dijagakake.

(2) Ana dina ana upa.
Tegese : Wong sing ora nguwatirake pangan.
Upa iku tembung wantah (dudu upa tembung sanepan ) nanging upa temenan aliyas sega.

Bebasan, yaiku, tetembungan gumathok, ajeg panganggone mawa surasa pepindhan kanggo madhakake.
Conto bebasan :

(1) Anak-anak timun.
Tegese : Ngepek anake liyan ,bareng wis gedhe banjur dialap bojo.
Tembung 'timun' ing kene, tembung sanepan (kiasan) kanggo sanepane anake liyan sing diepek iku. Diepek bojo padha karo 'timun' iku dipangan.
Jlentrehe : Bocah wadon cilik seneng dolanan anak-anakan, digendhong slendhang. Sing sok dienggo anak-anakan iku timun. Biyasane, yen enggone dolanan wis bosen, timune terus diipangan. Ya saka iku banjur ana tembung bebasan kaya mengkono > Anak-anak timun.
Wong lanang, senajan wis duwe bojo, yen mupu anake wong wiwit cilik, bareng gedhe terus 'diemplok dhewe ' iku arane ya > Anak-anak timun.

(2) Baladewa ilang gapite.
Tegese : Tanpa daya jalaran ilang kekuwatane.
Tokoh wayang kulit Baladewa , ratu Mandura, dedege gedhe dhuwur, gagah prakasa , watake keras gampang muntap yen tersinggung ( temperamental ). Nanging yen wayang Baladewa iku ilang gapite, wis mesthi nglumruk kaya ora duwe daya.
Baladewa nglumrpuk ilang gapite iku sanepane wong kelangan kekuwatan. Sing aran kekuwatan bisa nduweni teges sing omber (luas). Kena uga kanggo ngarani wong kang kuwat merga duwe jabatan dhuwur, dadi panguwasa . Nanging bareng pensiyun, ilang kuwasane, nglimpruk kelangan daya kaya Baladewa ilang gapite. @

( Djajus Pete ).-

ABANG-ABANG LAMBE

Tembung paribasan (peribahasa), iku, tegese > samudana ; lelamisan.

Apa tegese paribasan gampang bisa diapalake, saka piwulange
guru utawa saka enggone maca ing buku. Nanging guru sing sekolahan lan buku-buku akeh sing ora nerangake kanthi jlentreh, kepiye nalare ukara paribasan iku kok nduweni teges > samudana ; lelamisan. Adate, murid ya mung ngapalake artine kanggo njawab soal-soal yen ana pitakonan soal ing ulangan utawa ujian.
Nanging sing luwih apik, wong iku, ora mung apal thok ing lambene, nanging uga ngerti larah-larahe. Yen ngerti, pangertene bisa manteb, bisa nges tekan jroning ati lan pikire.

Jlentrehe paribasan iku, mengkene :
Kabeh lambe sing warnane abang, iku saka abange gincu, benges utawa lipstik (pemerah bibir). Dadi, warna abang ing lambe iku mung abang pulasan, mung saka olesane lipstik sing bisa luntur,bisa ilang.
Mengkono iku didadekake paribasan, kanggo ngarani wong sing omonge mung ethok-ethok (pura-pura) omonge mung lelamisan (hanya manis di bibir). Paribasan, yaiku , tetembungane gumathok,ajeg panganggone lan nduweni teges wantah. (Susunan kalimatnya sudah tertentu, tidak boleh dirubah dan mengandung arti lugas ).

wantah = lugu = lugas (sebenarnya) ; lambe abang iku bener-bener diolehi abange lipstik. Beda karo tembung 'gedhe endhase' sing nduweni makna kiasan (besar kepala) sing tegese > sombong ; angkuh ; kumakungkung.

Conto :
Ing wayah kampanye, kabeh politikus pating pethentheng omong ing panggung nanging unine mung abang-abang lambe. Jare arep mbrantas korupsi. Bareng dadi anggota Dewan, malah ya korupsi. Dadi, enggone tau omong nalika kampanye kae mung abang-abang lambe. (Mung kareben katon manis lambene). Jebule munafik!

Ora kabeh tembung 'abang-abang lambe' nduweni teges negatif, gumantung ing ukarane, senajan bener tembung iku nduweni teges samudana utawa lelamisan. Umpamane, ana wong lanang omong ing warung yen bojone ing omah awake kesel, mulih saka lelungan. Banjur ana wong takon," Kesel kok mboktinggal marung, ya dipijeti no?"
Diwangsuli," Wis takpijeti,terus taktinggal metu," wangsulane mung kanggo abang-abang lambe awit sabenere bojone ya ora dipijeti. Malah ing selawase urip ora tau mijeti bojone. Olehe wangsulan mengkono iku mung kanggo patut-patute wong omong, mung kanggo pemanis kata-kata. Mengkene iki jelas ora nduweni teges kang negatif.@

(Djajus Pete),-

GIRI LUSI JANMA TAN KENA INGINA.

giri = gunung
lusi = cacing
janma = wong ; menungsa
tan = ora
tan kena ingina = ora kena diina (disepelekake)

Selagine cacing wae bisa tekan pucuk gunung, apamaneh manungsa, ya mesthi bisa tekan pucuk gunung. Merga ing pucuk gunung ana lemah sing dadi papane cacing.
Tegese paribasan iku > wong ora kena diina ; ora kena disepelekake.*



JEMBAR SEGARANE

Jembar segarane,tegese, sugih pangapura. Kepiye nalare dene wong kang sugih pangapura kasebut jembar segarane?

Jlentrehe mengkene :
Kabeh iline banyu kali anjoge menyang segara. Ing mangka kabeh kali ana sarahe sing katut iline banyu. Wujude sarah werna-werna, ana gedebog, pang-pang garing lan gegodhongan, plastik-plastik lan rerusuh apa wae. Merga iline banyu kali nggawa sarah, wong banjur mikir , mbayangake , segara mesthi kotor, rusuh, saka akehe sarah saka kali-kali sing mlumpuk segara.

Jebul ora mengkono. Ing sajembare segara ora ana sarah. Banyu segara resik awit sakehing sarah dibuwang dening gemulunge ombak menyang pesisir. Mengkono iku dadi sanepane wong sing sugih pangapura, kaluputane wong-wong sing tumanduk marang awake bisa dibuwang. Kaluputane wong ora dieling-eling, dilalekake kaya wis dibuwang, diapura.
Seje karo wong pendhendham sing ora bisa nyepura salahe wong, anane mung gela, mangkel, getem-getem...panas jroning ati. Menawa atine kasanepakake wujud banyu, tansah butheg ora bisa bening resik kaya atine wong kang sugih pangapura. *

(Djajus Pete).-


WONG BODHO KALAH KARO WONG PINTER.
WONG PINTER KALAH KARO WONG BEJA.


Yaiku adiling Pangeran, Gusti kang murbeng jagad kang nguwasani lan nguripake sakehing titah. Nyata yen Pangeran iku Maha Welas lan Maha Asih.


Bodho lan pinter, menawa digagas, asale uga saka Pangeran awit wong kedunungan kemanpuan pikir sing beda-beda. Ana sing tinitah pinter, encer utege lan uga ana sing tinitah kethul pikire
aliyas bodho.
Wong bodho pancen kalah karo wong pinter. Nanging menawa si bodho iku kedunungan beja saka sihing 


Pangeran, sing pinter bisa kalah. Kanthi mengkono cetha yen wong pinter kalah karo wong beja. Mulane dadi wong urip aja kemrungsung njagakake kepenak saka kepinteran sing diduweni, bisa mleset. Senajan mengkono, wong diwajibake sinau ngudi kawruh kanggo ngoyak kapinteran awit pinter iku luwih becik tinimbang bodho. Prakara kedunungan beja apa ora, iku urusane Pangeran awit Pangeran sing wenang nibakake kabegjan marang umate.

(Djajus Pete).-


Paribasan :
YATNA YUWANA LENA KENA

yatna = prayitna (waspada)
yuwana = slamet (selamat)
lena = sembrana (ceroboh)
kena = kena (terkena)

Tegese > Sing waspada bakal nemoni slamet, sing sembrana bakal nemoni cilaka. Apamaneh ing jaman saiki, jamane saya kisruh, akeh godha samarga-marga sing kebak pangiming-iming kanikmatan ndonya, sing eling bisa katut sing lali kegawa saka rasa kemrungsung, ora bisa meper atine.

Cathetan :
samarga-marga = sadalan-dalan
meper = nyegah = nahan.

No comments:

Post a Comment