Saturday 12 January 2013

OTHAK ATHIK MATHUK

 
Kawruh Basa Jawa :
LIR lan NIR

Tembung 'lir' lan 'nir' padhadene tembung Kawi. Tembung iku isih sok klera-kleru digunakake dening wong sing kurang ngerti, njalari kleru enggone ngucap lan nulis. Sadurunge nggunakake, kudu ngerti dhisik apa tegese tembung-tembung LIR lan tembung NIR.

(a ) LIR = kaya = kadya = seperti (bhs Ind).
Ukara :
(1) Sinome lir lunging pakis kabaratan = Sinome kaya lunging pakis keterak barat (angin ). Maksude, sinome katon kekitir keterak angin.
(2) Lambene lir manggis karengat = Lambene kaya manggis kang rengat. Makusude, kulit manggis kang rengat (mlethek) katon njerone abang maya-maya.Aran lambe kang endah, abange alami, ora saka abange lipstik.

(b) NIR = tanpa
Ukara :
Mugi panjenengan tansah manggih karaharjan nir ing sambekala.
Nir ing sambekala = tanpa ana sambekala = tanpa ana rubeda utawa alangan.

Akeh wong klera - kleru enggone ngucap utawa nulis, kaya mengkene ucape > Mugi-mugi panjengan tansah wilujeng lir ing sambekala.
Yen enggone ngucap kaya mengkono, padha karo didongakake ala, didongakake slamet kok slamete dipadhakake kaya sambekala utawa alangan. @

( Djajus Pete ).-

Endi sing bener ?

(1) Sugeng enjing apa Wilujeng enjing ?
(2) Matur nuwun apa Matur suwun ?
(3) Nuwun sewu apa Nyuwun sewu ?


(1)
Wiwit biyen wong wis lumrah ngucapake > Sugeng enjing ; Sugeng siyang sing tegese Selamat pagi ; Selamat siang.
Nanging watara limang 10 taunan kepungkur, ana ahli basa Jawa sing ngritik yen sing bener iku > Wilujeng enjing ; Wilujeng Siyang. Dhasar alasane ,yaiku > Sugeng iku tegese urip. Yen 'wilujeng' tegese slamet ( selamat)
Prakara iku nuwuhake pro lan kontra tekan seprene. Wong-wong sing wis kadhung kulina nggunake 'sugeng' emoh ngowah pangucape dadi 'wilujeng'.
Merga sing nggunakake basa iku masyarakat, akhire lelorone dianggep padha benere awit pancen masyarakat sing nggunakake basa sarana langsung kanggo komunikasi ing saben dinane.

(2)
Matur nuwun
matur = omong = kandha
nuwun = mratelakake pakurmatan (menyatakan rasa hormat)
Matur nuwun = omong mratelakake pakurmatan

Akeh uga wong ngucap 'matur suwun' utawa 'matur kasuwun'. sing uga ora kena diluputake. Mung wae sing luwih lumrah keprungu ing satengahe masyarakat yaiku tembung > matur nuwun.

(3)
Nuwun sewu.
Nuwun = mratelakake pakurmatan (menyatakan rasa hormat).
Saka akehe enggone ngurmati, enggone kurmat kaya nganti kaping sewu. Conto ukara :
(1) "Nuwun sewu, Pak. badhe nyuwun pirsa. Dalemipun pak Lurah punika pundi ?"
(2) " Nuwun sewu, badhe ndherek langkung, Pak " tembunge bocah sing ngerti tatakrama, arep liwat ing dalan cilik sing ing pinggir dalan kono akeh wong tuwa padha lungguhan.

Yen ana sing ngucaoake 'nyuwun sewu' , kleru, awit 'nyuwun' iku tegese 'njaluk.' Nyuwun sewu tegese rak njaluk sewu. ( nJaluk kok mung sewu, mboksing akeh pisan, njaluk sajuta apa rong juta ).

( Djajus Pete ).-

SEPA SEPI LIR SEPAH SAMUN

(1) Ukara kasebut klebu basa rinengga, kejaba becik tata rakiting ukarane, uga ngandhut purwakanthi sastra. Purwakanthi sastrane yaiku kaya kang kasebut ing sajrone tandha kurung.

(se)pa (se)pi lir (se)pah (sa)mun = pengulangan suku kata > sa.
se(pa) se(pi) lir se(pah) samun = pengulangan suku kata > pa.

Basa rinengga mengkono iku kejaba becik, edi peni tata rakiting ukarane, yen diucapake uga kepenak dirungu. Apamameh kanthi ukara kang mentes ngandhut makna kang jero.

(2) Ukara 'sepa sepi lir sepah samun ' tinemu ing Serat Wedhatama, riptane Kanjerng Gusti Arya Adhipati Mangkunegara ka-IV ing Surakarta Hadiningrat. Dene tegesing tembung siji-sijine, yaiku :

sepa = ora ana rasane = hambar ( bhs Ind)
sepi = sepi ora ana apa-apane
llir = kaya = seperti (bhs Ind)
sepah = ampas
samun = sepi banget

Dadi wong iku, luwih-luwih dadi wong tuwa utawa wong sepuh, aja mung 'sepuh tuwuh'. Ingkang Sinuwun Paku Buwono ka-IV, milah-milahahe anane tembung sepuh tumrap wong tuwa, yaiku :

(a) sepuh tuwuh = mung akeh umurem mung tuwa ragane.
(b) sepuh lungguh = enggone aran sepuh merga duwe kalungguhan senajan umure isih enom.
(c) sepuh tayuh = ngerti utawa mudheng bab agal-alusing rasa / kahanan lan nduweni piyandel.
(d) sepuh kawruh = sugih kawruh maneka warna babagan tata- lair.

Ngenani jerone kawruh batin ora mesthi dumunung ing wong tuwa . Akeh wong tuwa sing mung akeh umure (sepuh tuwuh) tuwa tuwas, njerone kothong kaya ampas sing ora ana apa-apane. Yen bisa, dadiya wong marang werdining ngelmu lan bisa ngetrapake ing urip padinan kanggo pangukuhing jiwa, yaiku sing diarani wong tuwa .@

( Djajus Pete ).-

TEPA SLIRA


Akeh tetembungan Jawa sing metes kena kanggp ngasah rasa, nggegulang jiwa kanggo sanguning urip ing satengahe bebyaran. Tembung utawa ukarane ora mesthi dawa, akeh uga sing tembunge cekak kayadene tembung TEPA SLIRA sing mung rong tembung. Senajan cekak nanging aos, mentes, isi piwulang becik.

Tepa slira saka tembung TEPA lan SLIRA.
Tepa tegese, apa-apa sing kanggo ukuran. Slira tegese awak, badhan utawa dhiri pribadi ( awake dhewe ).
Tepa slira, tegese, samubarang tumindak diukur, ditepakake ing awake dhewe. Yen awake dhewe emoh diapusi, ya aja ngapusi wong. Yen awake dicethot krasa lara, ya aja nyethot uwong. Yen ing ati lara disepelake uwong, ya aja nyepelekake uwong.

Wong yen tansah bisa tepa slira ing sabarang tumindake, wis mesthi akeh slamate lan bakal diasihi dening bebrayan saka enggone kanggonan budi utawa. Embah - embahe wong Jawa wis padha paugeran saka piwulange nenek-moyange wujud ukara mengkono kuwi kanggo ngukur ala lan becik.
Wong bisa ngecakake tepa slira saka manut pituduhe swaraning atine awit swara ati iku ing salawas-lawase tansah ngajak ing dalaning bebener. Swara ati utawa swara kalbu iku ora nate goroh lan tansah elik-elik yen wong mau arep tumindak luput. Sadurunge wong colong jupuk,umpamane, wis mesthi atine wis elik-elik ing sadurunge yen nyolong iku ora becik, aja dibacutake. Dene kok akeh wong sing nerak-nerak seneng ngumbar hawa napsu ing tumindak kleru , iku saka budheging kupinge sing ora gelem ngrungoake swaraning atie. Ora bakal wong bisa tepa slira yen ora gelem nggugu swaraning atine? @

CANCUT TALI WANDA



Wangsulan :
Cantut tali wanda, tegese, temenan enggone tumandang gawe.

Jlentrehe mengkene :
Yen mung ngapalake tegese ukara, gampang apal. Nanging ana uga sawetara wong sing penasaran saka ora mudheng marang anane tembung 'cancut tali wanda' iku, kepiye nalare dene tembung iku nduweni teges > temenan enggone tumandang gawe?
Kanggo mangerteni tegesing ukara, kudu ngerti luwih dhisik tegese tembung siji lan sijine amrih pangertene bisa gamblang. Luwih-luwih ukara-ukara lawas tinggalane embah-embahe wong Jawa sing anane wis wiwit biyen, isih kudu diolak-alik kepiye mula-bukane sawijining tembung nduweni surasa.

(a) cancut = nyilakake jarit banjur disuwelake ing sabuk utawa setagen. ( Jaman biyen,wong-wong lanang padha nganggo jarit kang disabuki amba utawa disetageni. Yen arep tumandang gawe, mesthi wae jarite bisa ngribedi yen ora disilakake mendhuwur lan disuwelake ing sabuke ).
(b) wanda = awak.
Cancut tali wanda = jarite ditalekake utawa disuwelake ing awak merga arep tumandang gawe temenan.

Ukara :
(1) KPK cancut tali wanda mbrantha koruptor.
(3) Wong-wong kampung cancut tali wanda ndandani kreteg kang ambrol keterak banjir.

Yen ing idiom bahasa Indonesia, cancut tali wanda padha karo menyingsingkan lengan baju.

( Djajus Pete ).-

Kawruh Basa Jawa

Tembung Jawa ENTHENGAN TANGAN
apa padha tegese karo RINGAN TANGAN ing bahasa Indionesia? Soale tembung Jawa 'entheng' yen diterjemahake menyang bahasa Indonesia yaiku > ringan.

Jebul tegese ora padha,malah nduweni teges kang kosok balen. Enthengan tangan nduweni teges kang ala (negatip) dene ringan tangan nduweni teges sing apik (positip).
Ing bahasa Indonesia, ringan tangan tegese > suka menolong , membantu, lekas berbuat sesuatu. Dene enthengan tangan (basa Jawa) tegese > seneng mara tangan ; cengkiling ; seneng milara.
Tembung Jawa sing tegese padha karo 'ringan tangan' (bhs Ind) yaiku > enthengan bau.

Ana tembung 'mara tangan' lan ya ana tembung 'ditangani' sing tegese dipilara nganggo tangan. Ukara > Wong wadon iku nangis gero-gero mentas ditangani bojone = mentas ditempiling bojone utawa mentas dijotos bojone.
Beda tegese karo tembung 'ditangani' ing bahasa Indonesia sing tegese > dikerjakan utawa dipriksa yen mujudake perkara. Ukara (1) Jembatasn yang ambrol itu akan segera ditangani pemerintah. (2) Dua saudara yang saling bacok itu, sekarang ditangani polisi, Polres"

Tembung 'ditangani' (bhs Indonesia) iku saiki akeh diserap dening penulis basa Jawa sing dadi kurang trep panganggone,malah ngguyokake. Ukara > Sedulur loro sing padha bacokan iku saiki ditangani polisi, Polres (mengkono penulis Jawa enggone njawakake ing tulisane sing kepacak ing majalah Jawa ).
Malah ora mung penulis Jawa, masyarakat Jawa ya wis kaya lumrah nggunakake tembung 'ditangani' kang kleru enggone ngetrepake ing omongan basa Jawa, kaya ing conto ukara iki > "Kades sing korup Sembako iku saiki wis ditangani Bupati," tembunge sawenenh pendhudhuk desa.
"Ya lara no, awake, yen kamplengi pak Bupati," grenenge kancane krungu tembung kaya mengkono awit kancane ngerti, tembung ditangani ing basa Jawa tegese dipilara nganggo tangan.@

KANCILEN 

Ing postinganku, taksebutake , wong Jawa ngarani kancilen marang wong sibng ora enggal bisa turu bengi. Anane mung klisikan, glebagan, mripat mentholong terus, ora enggal bisa turu ing wayah tengah wengi.
Sedulur Dhenny Purwonegoro, asung komentar mengkene > Kancilen jare angel turu. Iku lagi kancilen, durung ;gajahen' njur kaya ngapa yah?

Sing dadi pitakonan, kepiye nalare embah-embahe wong Jawa jaman biyen nyebut 'kancilen' kanggo ngarani wong sing angel turu bengi. Kok ora nganggo jeneng kewan liyane, 'gajahen' kaya komentare mas Dhenny, apa 'wedhusen' utawa nyebut jenenge kewan liyane. Kok arane 'kancilen' iku nalare kepiye?
Apa ana sanak kadang kang darbe alasan sing masuk akal?

SEPA SEPI LIR SEPAH SAMUN

Ukara kasebut tinemu ing sawijining tembang ing Serat Wedhatama. Dene tegese tembung siji-sijine, yaiku :

sepa = ora ana rasane = hambar (bhs Ind)
sepi = sepi ora ana apa-apane
lir = kaya = seperti (bhs Ind)
sepah = ampas
samun = sepi banget

Dadi wong urip kudu nduweni kawruh batin (rokhani) sing jero ngenani kautamaning urip. Aja dadi wong sing uripe sepa sepi lir sepah samun, lire , uripe ora beda kaya sepah sing wis ora ana gunane tumrap bebrayan (masyarakat). Luwih-luwih dadi wong tuwa utawa wong sepuh, aja dadi wong tuwa sing mung seopuh tuwuh.
Ingkang Sinuwun Paku Buwono ka-IV milah-milah anane pangerten tembung sepuh, yaiku :

(1) sepuh tuwuh = mung akeh umure ,mung tuwa ragane.
(2) sepuh lungguh = enggone kasebut sepuh merga duwe kalungguhan senajan umure isih enom.
(3) sepuh tayuh = ngerti utawa mudheng bab agal-alusing rasa utawa kahanan sarta nduweni piyandel (keyakinan)
4) sepuh kawruh = sugih kawruih maneka warna babagan kawruh tata lair.

Ora kabeh wong tuwa mesthi duwe kawruh batin.Kepara luwih akeh cacahe wong tuwa sing mung tuwa ragane ,akeh umure , nanging njerone kothong kaya ampas,ora ana isine blas. Ya wong mengkono iku sing aran sepa sepi lir sepah samun (sepuh tuwuh).
Dadia wong tuwa sing mentes ana isine,weruh werdining ngelmu sarta bisa ngetrapake jroning urip kanggo pikukuhing jiwa.*

(Djajus Pete, Jakarta,04 Jan 2012),-


WATUK lan WATAK

Tulisan watuk lan watak bedane mung ana ing hurup U lan hurup A. Yen disawang bedane kaya mung sepele, mung ana ing sahurup, nanging ing prakara teges (arti),tembung loro kuwi adoh banget bedane. Watuk bisa mari, kena ditambani, nanging yen watak ora bisa mari. Kepiye nalare kok bisa kaya mengkono?

Hurup U ing tembung watuk, wujude bolong ndhuwur. Baksilwatuk ing njerone huru U iku. Yen klebon obat watuk, baksile gampang mlayu ilang liwat bolongan dhuwur iku. Mulane yen mung watuk, gampang mari ditambani.

Wujude hurup A ing tembung watak nganggo dipalang tengah njalari ana bentuk segitiga ing ndhuwur. Sing aran 'watak' manggon ing njero segitiga iku, mulane ora bisa metu utawa ora bisa mari. Marine watak yen wong wis diujurake ngalor. (DP).-


W U Y U N G
(Tukar Padu)

Wong yen lagi wuyung, lagi gandrung, ya ngana kae, pethak-pethuk. Yen TIR PADHA IRENGE, SIR PADHA SENENGE, ya dadi. Jaka - Prawan, klakon nikahan.

(1) Nalika isih pacaran, adate, sing akeh omonge iku sing lanang. Ngecepres wae, sing wadon, ceweke, kaya diakon ngrungokake wae.

(2) Yen wis klakon nikahan, dadi bojone, genti sing wadon sing akeh omonge. Sing lanang kaya diakon ngrungokake rembuge perkara butuh.
"Apa-apa larang, Mas. Nganti wedhak wae saiki ora bisa nganggo sing apik. Dhek kae, wedhak Ponds ae aku emoh nek ora wedhak Tulji. Saiki, wedhak bantal ya arep. Srandhal ya ngono...Dhek kae, srandhal ya Carvil, Ardhiles apa Kasogi...Saiki, srandhal japit ya gelem," tembunge sing wadon ngandhakake jaman prawane nganggo wedhak lan srandhal sing bermerk, rega larang.
Sing lanang meneng wae, ora semaur blas, ngrumangsani pengasilan kurang, pegaweyane ora mesthi.

(3) Bareng klakon anak-anak, ya beda maneh awit butuhe saya akeh. Lanang lan wadone padha akeh omonge. Omong banter-banteran aliyas padu perkara butuh, tanggane sing diakon ngrungokake enggone padu.

(Kaserat dening bapa Djajus Pete nalika tanggal 28 Desember 2012, kang wektu iki lagi plesir nyang Batavia.)


GARA-GARA

Aweh conto iku luwih utama tinimbang mung omong apik, awit akeh wong sing mung apik unine lambe nanging tumindake ora cocog karo unine lambene. Mung kanggo abang-abang lambe, ora tumus tekan ing atine. Mung lamis aliyas munafik.
Nyatane padha ora bisa nyontoni apik senajan dadi Tokoh Masyarakat, dadi Pemuka Agama, Ahli Kitab. Dadi Pimpinan, dadi Pejabat, dadi Wakil Rakyat. Ora kok Ing Ngarsa Sung Tuladha nanging ING NGARSA MUMPUNG KUWASA. Ora kok Ing Madya Mangun Karsa nanging ING MADYA NGGROGOTI ARTA. Ora kok Tut Wuri Handayani nanging TUT WURI HAMBUBUTI. Bubrah sakehing tata, gawe panas sumuke hawa satemah nuwuhake Gara-Gara.

Gara - Gara !
Gara-gara yen diwalik unine : Raga - raga. Tegese, saya akeh manungsa sing mung mburu kanikmataning raga, kurang marsudi marang alusing budi, tuntunane agami. Kitab Suci mung kanggo isen-isen lemari. mBuru kadonyan, ninggal kautaman. Mentalan, mburu kemewahan, kawibawan, kaluhuran, drajat-pangkat lan kamelikan.
Melik nggendhong lali, bandhane negara digrogoti. Dhuwite rakyat, disikat.
Dadi garong, omahe magrong-magrong.
Dadi maling, methangkring.
Dadi rampog, malah mongkog.
Brandhal kecu sugih mbrewu.
Wong ngawur, makmur.
Wong salah, mbregagah, bungah-bungah.
Wong edan bisa dandan.
Koruptor mopyor, tumpakane montor. Bebas murni ora diadili, yen wong cilik negor jati sadriji, ngringkuk dibui telung sasi. Anak bojone nangis mbrebesmili, mangane wi gembili, raine pucet kurang gizi.
Gara-gara : goroh-goroh.
Raga-raga : rogoh - rogoh.

Gara-gara ora mendha, senajan wis 67 taun merdika, wong cilik isih panggah rekasa kaya dijajah Landa. Jaman Jepang, didugang Jepang, jaman merdika isih kelara-lara. Ratu ora kena digugu. Mantri - Bupati mung golek mukti. Reregan mundhak, wong cilik saya klenggak. Kesurang-surang keblegan utang. Pating bilulung, bingung kesandhung-sandhung, sikile mlenthung, gegere mlengkung. Kedengkek ndheyek-ndheyek, gegere kaya coklek.
Gara-gara ora rampung, saya kedlarung. Sing kuwasa padha ngaji pumpung, kebak bandha tumpuk undhung. Pejabat lan wakil rakyat mung golek nikmat kanggo wong sabrayat.

Jamane wis kwalik-kwalik, wong apik malah disirik. Wong suci, dibenci. Wong jujur, kojur. Wong bener, thenger-thenger. Wong lugu, keblenggu. Wong bares, ora direwes. Wong temen, ora direken.
Jaman bubrah. Wong mblangkrah malah disembah-sembah. Wong ala, dipuja-puja. Wong jahat, diangkat-angkat,mundhak pangkat, mobile mengkilat, bandhane sakharat-harat. Sing mlarat saya mlarat, kerja berat opahe ora murwat. Jaman edan kaya wis ora ana tatanan. Jaman rusak, sakehing tatanan diterak-terak. Bubrah sakehing tata. Beja-bejane sing lali, isih beja sing eling klawan wspada.@

(Djajus Pete).-

No comments:

Post a Comment